2 Korintus
5 Awaké dhéwé ngerti nèk omahé awaké dhéwé ing bumi, yaiku badané awaké dhéwé sing kaya kémah, bakal dirubuhké.*+ Terus, Gusti Allah bakal mènèhi awaké dhéwé omah ing swarga, sing ora digawé nganggo tangané manungsa+ lan sing bakal terus ana saklawasé. 2 Ing omahé* awaké dhéwé sing saiki, awaké dhéwé sambat merga awaké dhéwé péngin banget nganggo omah sing wis disiapké* ing swarga.+ 3 Dadi, wektu awaké dhéwé nganggo omah kuwi, awaké dhéwé ora bakal wuda. 4 Sakjané, awaké dhéwé sing ana ing kémah iki padha sambat lan kuwatir banget. Kuwi ora merga awaké dhéwé péngin ninggalké omah iki kaya nèk awaké dhéwé nyopot klambi, ning merga awaké dhéwé péngin nganggo omah ing swarga.+ Dadi, badan sing isa mati diganti karo urip saklawasé.+ 5 Gusti Allah sing wis nyiapké awaké dhéwé bèn isa urip kaya ngono.+ Gusti Allah mènèhi awaké dhéwé roh suci, lan kuwi dadi jaminan kanggo apa sing bakal teka.+
6 Mula, awaké dhéwé percaya tenan soal kuwi. Awaké dhéwé ya ngerti nèk saksuwéné awaké dhéwé manggon ing badan iki, awaké dhéwé adoh saka Gusti.+ 7 Awaké dhéwé urip menurut iman, dudu menurut apa sing kétok. 8 Awaké dhéwé yakin lan luwih seneng manggon karo Gusti timbang manggon ing badan iki.+ 9 Ning, ora soal awaké dhéwé manggon ing endi, karo Gusti utawa ora, awaké dhéwé terus ngupaya tenanan kanggo nyenengké dhèwèké. 10 Awaké dhéwé kabèh bakal diadili karo* Kristus. Saben wong bakal diadili sesuai karo tumindaké sing dilakoni wektu isih nganggo badan manungsa, embuh kuwi apik utawa èlèk.+
11 Aku ngerti apa artiné wedi marang Gusti, mula aku ngupaya nggawé wong liya percaya karo omonganku. Gusti Allah bener-bener kenal karo aku, lan aku ya péngin kowé bener-bener kenal karo aku. 12 Aku ora arep ngalem awakku dhéwé manèh ing ngarepmu. Ning, aku ngomongké kabèh iki kanggo nyemangati kowé bèn kowé bangga karo aku. Kowé isa njawab wong-wong sing bangga karo apa sing kétok,+ dudu karo apa sing ana ing njero ati. 13 Nèk tumindakku kaya wong sing ora waras,+ aku nindakké kuwi kanggo Gusti Allah. Nèk aku tumindak nganggo pikiran sing waras, aku nindakké kuwi kanggo kowé. 14 Katresnané Kristus wis nyemangati aku, merga iki sing tak pahami: Wong siji wis mati kanggo kabèh wong+ merga kabèh wong wis mati. 15 Dhèwèké wis mati kanggo kabèh wong bèn kabèh wong ora urip kanggo kepentingané dhéwé,+ ning kanggo Kristus sing wis mati kanggo kabèh wong kuwi lan sing wis diuripké manèh.
16 Mula, mulai saiki, awaké dhéwé ora ngadili sapa waé menurut apa sing kétok.+ Senajan mbiyèn aku ndelok Kristus menurut apa sing kétok, ning saiki wis ora ngono manèh.+ 17 Mula, sapa waé sing bersatu karo Kristus kuwi dadi ciptaan anyar.+ Apa waé sing lawas wis ora ana manèh, lan saiki sing ana mung apa sing anyar. 18 Kabèh asalé saka Gusti Allah. Liwat Kristus, Gusti Allah wis nggawé hubunganku karo Dhèwèké dadi apik manèh.+ Dhèwèké ya mènèhi aku tugas kanggo mbantu wong-wong bèn nduwé hubungan sing apik manèh karo Gusti Allah.+ 19 Dadi, aku martakké nèk liwat Kristus, Gusti Allah wis nggawé donya iki nduwé hubungan sing apik manèh karo Dhèwèké.+ Gusti Allah ora ngétung kesalahané wong-wong kuwi,+ lan Dhèwèké mènèhi aku tugas kanggo ngandhani wong-wong nèk wong-wong kuwi isa nduwé hubungan sing apik manèh karo Gusti Allah.+
20 Dadi, aku iki wong-wong sing dikongkon+ dadi wakilé Kristus,+ kaya-kaya Gusti Allah dhéwé sing njaluk marang wong-wong liwat aku. Merga aku wakilé Kristus, aku njaluk, ”Kowé kudu nduwé hubungan sing apik manèh karo Gusti Allah.” 21 Kristus ora tau nindakké dosa,+ lan Gusti Allah mènèhké dhèwèké dadi korban kanggo dosa-dosané* awaké dhéwé, supaya liwat dhèwèké awaké dhéwé dianggep bener karo Gusti Allah.+