Galatia
2 Terus, 14 taun sakwisé kuwi, aku lunga manèh menyang Yérusalèm bareng karo Barnabas,+ lan aku ngejak Titus.+ 2 Aku mangkat mrana merga Gusti ngongkon aku lunga mrana. Aku ngandhani wong-wong ing kana soal kabar apik sing wis tak wartakké marang bangsa-bangsa liya. Ning, aku mung nindakké kuwi ing ngarepé sedulur-sedulur sing dihormati banget merga aku péngin ngerti hasil gawéanku kanggo Gusti Allah kuwi apik utawa ora. Nèk ora apik, apa sing tak tindakké kuwi ora ana gunané. 3 Senajan Titus+ sing mèlu bareng aku kuwi wong Yunani, ning ora ana sing meksa dhèwèké bèn disunat.+ 4 Tapi, kuwi dadi masalah merga ana sedulur-sedulur palsu sing meneng-meneng mlebu ing jemaat+ dadi mata-mata. Wong-wong kuwi péngin ngrampas kebébasané awaké dhéwé+ sing dadi muridé Kristus Yésus. Wong-wong kuwi péngin awaké dhéwé dadi budhaké hukum manèh.+ 5 Ning, aku ora gelem lan ora bakal ngalah utawa manut karo wong-wong kuwi,+ bèn kowé ora kélangan ajaran sing bener sing ana ing kabar apik.
6 Soal sedulur-sedulur sing dianggep penting,+ embuh wong kuwi kaya apa sakdurungé, kuwi ora penting kanggoku, merga sing didelok Gusti Allah kuwi dudu apa sing kétok saka njabané. Malah, ora ana sing anyar sing tak tampa saka sedulur-sedulur sing dihormati kuwi. 7 Ning, sedulur-sedulur kuwi ngerti nèk aku wis dipercaya kanggo martakké kabar apik marang wong sing dudu Yahudi,*+ padha kaya Pétrus sing dipercaya kanggo martakké kabar apik marang wong Yahudi.* 8 Gusti Allah nggawé Pétrus sanggup dadi rasul kanggo wong Yahudi,* lan Dhèwèké ya nggawé aku sanggup dadi rasul kanggo bangsa-bangsa liya.+ 9 Sedulur-sedulur kuwi ngerti nèk Gusti Allah wis apikan banget karo aku.+ Mula Yakobus,+ Kéfas,* lan Yohanes, yaiku wong-wong sing dianggep dadi pemimpin, nyalami aku lan Barnabas.+ Kuwi nduduhké nèk sedulur-sedulur kuwi setuju nèk aku lan Barnabas lunga marang bangsa liya, lan para sedulur kuwi lunga marang wong Yahudi.* 10 Para sedulur kuwi mung njaluk bèn aku terus éling karo sedulur-sedulur sing mlarat, lan kuwi sing tak upayakké tenanan.+
11 Wektu Kéfas*+ teka ing Antiokhia,+ aku terus terang ngélikké dhèwèké, merga wis jelas nèk dhèwèké salah. 12 Biasané, dhèwèké kerep mangan bareng karo wong-wong saka bangsa liya.+ Ning, wektu wong-wong sing dikongkon Yakobus+ teka, dhèwèké ora bergaul manèh karo wong-wong saka bangsa liya. Dhèwèké ngedoh saka wong-wong kuwi merga wedi karo wong-wong sing ndhukung sunat.+ 13 Wong-wong Yahudi liyané ya mèlu-mèlu dadi munafik. Barnabas ya nganti mèlu-mèlu dadi munafik. 14 Ning, wektu aku ngerti nèk tumindaké wong-wong kuwi ora cocog karo ajaran sing bener sing ana ing kabar apik,+ aku ngomong karo Kéfas* ing ngarepé kabèh wong kuwi, ”Kowé kuwi wong Yahudi, ning tumindakmu kuwi kaya wong saka bangsa liya, ora kaya wong Yahudi. Lha terus ngapa kok kowé ngongkon wong-wong saka bangsa liya manut karo kebiasaané wong Yahudi?”+
15 Awaké dhéwé, sing wong Yahudi asli lan dudu wong dosa saka bangsa liya, 16 ngerti nèk wong bakal dianggep bener nèk dhèwèké nduwé iman+ marang Yésus Kristus,+ dudu merga nindakké hukum. Mula, awaké dhéwé nduwé iman marang Kristus Yésus bèn awaké dhéwé dianggep bener merga nduwé iman marang Kristus, dudu merga nindakké hukum. Ora ana wong sing bakal dianggep bener merga nindakké hukum.+ 17 Nèk awaké dhéwé sing ngupaya dianggep bener liwat Kristus ya dianggep dosa, apa kuwi berarti Kristus ngongkon awaké dhéwé nindakké dosa? Ora mungkin. 18 Nèk aku mbangun manèh apa sing wis tak ambrukké, aku nduduhké nèk aku nglanggar hukum. 19 Merga aku nindakké hukum,+ aku mati bèn isa urip kanggo Gusti Allah. 20 Aku dipaku ing cagak bareng karo Kristus.+ Mula, aku ora urip kanggo awakku dhéwé manèh,+ ning kanggo Kristus sing bersatu karo aku. Dadi, saiki aku urip menurut iman marang Anaké Gusti Allah+ sing nresnani aku lan sing masrahké uripé kanggo aku.+ 21 Aku ora nolak wektu Gusti Allah+ nduduhké sifaté sing apikan banget. Nèk wong isa dianggep bener merga nindakké hukum, ora ana gunané Kristus mati.+