Injil Matius
21 Wektu wis cedhak Yérusalèm, Yésus lan murid-muridé mandheg ing Bètfagé ing Gunung Zaitun. Ing kono, Yésus ngutus muridé loro.+ 2 Yésus kandha, ”Lungaa ing désa ing ngarep kuwi. Kowé bakal ndelok keledai karo anaké sing ditalèni. Uculana taliné, lan gawanen loro-loroné mréné. 3 Nèk ana sing takon, jawaben, ’Gusti mbutuhké iki.’ Wong kuwi mesthi bakal langsung mènèhké keledainé.”
4 Kuwi bener-bener kelakon kaya apa sing diomongké Gusti Allah liwat nabi, yaiku, 5 ”Ngomonga karo penduduk Zion, ’Deloken! Rajamu teka marani kowé.+ Wataké alus,+ lan dhèwèké numpak keledai, ya, numpak keledai enom.’”+
6 Mula, muridé loro kuwi lunga lan nuruti omongané Yésus.+ 7 Murid loro kuwi nuntun keledai mau lan anaké. Murid-murid ndèlèhké klambi njabané ing ndhuwuré keledai-keledai kuwi. Terus, Yésus numpak keledai sing enom.+ 8 Akèh wong nggelar klambi njabané ing dalan.+ Sing liyané manèh ngethok cabang-cabangé wit lan ndèlèhké kuwi ing dalan. 9 Sakliyané kuwi, ana akèh wong sing mlaku ing ngarep lan mburiné Yésus. Wong-wong kuwi mbengok, ”Oh Gusti Allah, tulung Njenengan nglindhungi Anaké Daud.+ Muga-muga sing teka nganggo jeneng Yéhuwah* diberkahi.+ Oh Gusti Allah ing swarga, tulung Njenengan nglindhungi dhèwèké.”+
10 Wektu Yésus mlebu ing Yérusalèm, wong sak kutha dadi gègèr. Wong-wong kuwi kandha, ”Kuwi sapa, ta?” 11 Wong-wong sing bareng Yésus padha ngomong, ”Iki Yésus, nabi+ saka Nazarèt ing Galiléa.”
12 Yésus mlebu bait lan ngusir kabèh wong sing dodolan ing bait, termasuk wong sing lagi tuku. Yésus njungkirké méja-méjané tukang ngijoli dhuwit lan kursi-kursiné wong sing dodolan manuk dara.+ 13 Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kitab Suci kandha, ’Omah-Ku bakal disebut omah kanggo ndonga,’+ ning malah mbok dadèkké guwané para perampok.”+ 14 Bar kuwi, wong-wong sing wuta lan pincang marani Yésus ing bait. Yésus marèkké wong-wong kuwi.
15 Para imam kepala lan ahli Taurat ora seneng pas ndelok mukjijat sing ditindakké Yésus. Wong-wong kuwi ya ora seneng pas krungu cah-cah lanang ing bait mbengok,+ ”Oh Gusti Allah, tulung Njenengan nglindhungi Anaké Daud.”+ 16 Wong-wong kuwi takon karo Yésus, ”Apa kowé krungu sing diomongké cah-cah kuwi?” Yésus njawab, ”Ya, aku krungu. Apa kowé durung tau maca tulisan ing Kitab Suci sing kandha, ’Njenengan nyebabké bocah cilik lan bayi ngucapké pujian’?”+ 17 Bar kuwi, Yésus ninggalké wong-wong kuwi lan lunga ing kutha Bétani, terus nginep ing kono.+
18 Pas isih ésuk banget, Yésus bali menyang Yérusalèm, lan dhèwèké ngrasa ngelih.*+ 19 Yésus ndelok ana wit ara ing pinggir dalan, terus diparani. Ning, wit kuwi babar blas ora ana buahé. Anané mung godhong thok.+ Terus, Yésus kandha marang wit kuwi, ”Kowé ora bakal ngetokké buah manèh.”+ Wit ara kuwi langsung layu. 20 Wektu ndelok kuwi, murid-murid nggumun lan kandha, ”Kok isa ya wit ara kuwi langsung layu?”+ 21 Yésus njawab, ”Percayaa, nèk kowé nduwé iman lan ora ragu-ragu, kowé mesthi isa nindakké apa sing tak tindakké marang wit ara kuwi. Malah, nèk kowé ngongkon gunung iki, ’Mumbula, lan njegura ing laut,’ kuwi mesthi bakal kelakon.+ 22 Nèk kowé nduwé iman, apa waé sing mbok jaluk wektu ndonga bakal mbok tampa.”+
23 Sakwisé kuwi, Yésus mlebu bait. Wektu lagi mulang, para imam kepala lan pemimpin* bangsa kuwi marani Yésus lan takon, ”Nganggo kuwasané sapa kowé nindakké kabèh iki? Sapa sing mènèhi kowé kuwasa iki?”+ 24 Yésus njawab, ”Aku ya arep takon karo kowé. Nèk kowé njawab pitakonanku, aku bakal ngandhani kowé saka ngendi aku éntuk kuwasa kanggo nindakké kabèh iki. 25 Sapa sing ngutus Yohanes kanggo mbaptis? Gusti Allah ing swarga apa manungsa?” Wong-wong kuwi mulai bisik-bisik, ”Nèk awaké dhéwé njawab, ’Gusti Allah,’ dhèwèké bakal ngomong, ’Lha kok kowé ora percaya karo Yohanes?’+ 26 Ning nèk njawab, ’Manungsa,’ kuwi bahaya kanggo awaké dhéwé, merga akèh wong percaya nèk Yohanes kuwi nabi.” 27 Mula, wong-wong kuwi njawab Yésus, ”Aku ora ngerti.” Terus, Yésus kandha, ”Nèk ngono, aku ya ora bakal ngandhani kowé nganggo kuwasané sapa aku nindakké kabèh iki.
28 ”Apa pendapatmu soal iki? Bayangna ana wong sing nduwé anak loro. Dhèwèké ngongkon anak sing nomer siji, ’Lé, dina iki kowé kerja ing kebon anggur ya.’ 29 Anaké kuwi njawab, ’Emoh, Pak.’ Ning, bar kuwi dhèwèké gela lan mangkat ing kebon anggur. 30 Terus, bapaké marani anaké sing nomer loro lan ngongkon dhèwèké kerja ing kebon anggur. Anaké kuwi njawab, ’Ya, Pak,’ ning dhèwèké ora mangkat. 31 Anak sing endi sing manut karo bapaké?” Wong-wong kuwi njawab, ”Sing nomer siji.” Yésus kandha, ”Percayaa, para petugas pajeg lan pelacur bakal mlebu luwih dhisik ing Kerajaané Gusti Allah timbang kowé. 32 Wektu Yohanes teka kanggo mulang kowé soal apa sing bener, kowé ora percaya karo dhèwèké. Ning, petugas pajeg lan pelacur malah percaya.+ Kowé wis ngerti soal iki, ning kowé tetep ora gela lan ora percaya karo dhèwèké.
33 ”Rungokna perumpamaan liyané soal wong sing nduwé tanah. Dhèwèké nggawé kebon anggur+ lan mageri kebon kuwi. Dhèwèké ya nggawé panggonan meres anggur lan ngedegké menara kanggo njaga.+ Dhèwèké nyéwakké kebon angguré kuwi marang para petani, terus lunga menyang luar negri.+ 34 Pas wektuné panèn anggur, dhèwèké ngongkon budhak-budhaké marani para petani kanggo njupuk buah anggur sing dadi bagéané. 35 Ning, para petani mau nangkep budhak-budhak kuwi. Ana sing digebugi, ana sing dipatèni, lan ana sing dibandhemi* watu.+ 36 Terus, dhèwèké ngongkon luwih akèh budhak, ning budhak-budhak kuwi ya ngalami kaya ngono.+ 37 Akhiré dhèwèké ngongkon anaké, merga dhèwèké mikir, ’Wong-wong kuwi bakal ngajèni anakku.’ 38 Pas ngerti anak kuwi teka, para petani mau kandha, ’Iki wong sing bakal dadi ahli warisé kebon anggur iki.+ Ayo dipatèni waé bèn awaké dhéwé isa njupuk warisané.’ 39 Mula, wong-wong kuwi nangkep lan nyèrèt ahli waris mau menyang njabané kebon, terus dipatèni.+ 40 Wektu sing nduwé kebon anggur teka, para petani mau bakal diapakké?” 41 Para imam kepala lan para pemimpin* bangsa kuwi njawab, ”Sing nduwé kebon anggur kuwi mesthi bakal matèni para petani kuwi merga wong-wong kuwi jahat. Dhèwèké ya bakal nyéwakké kebon angguré marang petani liya sing bakal mènèhi buah wektu musim panèn anggur.”
42 Yésus kandha, ”Kitab Suci kandha, ’Watu sing ditolak tukang bangunan wis dadi watu sing utama.*+ Kuwi asalé saka Yéhuwah* lan kuwi apik banget kanggoné awaké dhéwé.’+ Apa kowé durung tau maca ayat kuwi? 43 Kuwi sebabé kowé tak kandhani, berkahé Kerajaané Gusti Allah bakal dijupuk saka kowé lan diwènèhké marang bangsa sing nindakké karepé Gusti Allah. 44 Wong sing tiba ing ndhuwuré watu kuwi bakal hancur.+ Wong sing ketiban watu kuwi bakal remuk.”+
45 Wektu krungu kabèh perumpamaan kuwi, para imam kepala lan wong Farisi dadi ngerti nèk jebulé sing lagi diomongké Yésus kuwi ya wong-wong kuwi dhéwé.+ 46 Sakjané, wong-wong kuwi péngin nangkep Yésus, ning wedi karo wong akèh sing nganggep Yésus kuwi nabi.+