Matius
22 Sepisan manèh, Yésus mulang wong-wong nganggo umpama. Yésus kandha, 2 ”Kraton swarga kuwi kaya raja sing nganakké pésta mantènan kanggo anaké lanang. 3 Raja kuwi ngutus para budhaké kanggo nyeluk para undangan menyang pésta mantènan kuwi, nanging wong-wong mau ora gelem teka. 4 Banjur raja mau ngutus budhak-budhak liyané, lan kandha, ’Omonga marang wong-wong sing wis diundang: ”Aku wis nyiapké akèh maeman. Sapi lan ternak pilihan wis tak belèh. Kabèh wis siap. Ayo padha teka ing pésta!”’ 5 Nanging para undangan kuwi ora perduli, malah padha lunga. Ana sing menyang ladhang, ana sing ngurusi usahané, 6 sing liyané malah nangkep para budhak mau, banjur para budhak kuwi dianiaya lan dipatèni.
7 ”Raja dadi nesu banget, banjur ngutus tentarané kanggo matèni kabèh sing wis matèni budhak-budhaké, lan mbakar kuthané wong-wong kuwi. 8 Banjur raja ngomong marang para abdiné, ’Pésta mantènané wis siap, nanging para undangan kuwi ora pantes teka ing pésta iki. 9 Mula, lungaa menyang dalan-dalan utama, lan undangen sapa waé sing kok temoni kanggo teka ing pésta mantènan iki.’ 10 Para budhak mau banjur lunga lan nglumpukké sapa waé sing ditemoni ing dalan, klebu wong jahat lan apik. Panggonan kanggo pésta kuwi nganti kebak tamu.
11 ”Wektu raja mlebu kanggo nemoni para tamu, dhèwèké ndelok ana wong lanang sing ora nganggo klambi pésta. 12 Mula raja takon, ’Ngapa kowé teka mréné ora nganggo klambi pésta?’ Wong kuwi meneng waé. 13 Raja banjur ngongkon para abdiné, ’Talènana tangané lan sikilé, terus uncalna ing njaba, ing pepeteng. Ing kono, dhèwèké bakal nangis lan gela banget.’*
14 ”Akèh wong sing diundang, nanging sing dipilih mung sithik.”
15 Banjur wong-wong Farisi lunga lan nggawé rencana supaya Yésus kejebak omongané dhéwé. 16 Mula wong-wong Farisi mau banjur ngongkon murid-muridé lunga karo pengikuté partai Hérodès kanggo nemoni Yésus lan kandha, ”Guru, aku ngerti nèk panjenengan mesthi ngomongké sing bener, uga mulangké sing bener bab kersané Gusti Allah, lan ora nggolèk alem ing ngarepé manungsa, merga panjenengan ora ndelok wong mung saka penampilané. 17 Mula, piyé pendapaté guru? Mbayar pajeg marang Kaisar kuwi éntuk apa ora?” 18 Nanging Yésus ngerti pikiran jahaté wong-wong kuwi. Mula Yésus kandha, ”Wong munafik, ngapa kowé nguji aku? 19 Duduhna dhuwit rècèh kanggo mbayar pajeg kuwi.” Wong-wong kuwi mènèhi Yésus dhuwit dinar* siji. 20 Yésus takon, ”Gambar lan jenengé sapa sing ana ing dhuwit iki?” 21 Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” Banjur Yésus kandha, ”Mula, wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar, nanging marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.” 22 Wektu krungu omongané Yésus, wong-wong kuwi nggumun banget banjur padha lunga.
23 Ing dina kuwi uga, ana wong Saduki sing ora percaya nèk wong mati isa urip manèh. Wong-wong kuwi marani Yésus lan takon, 24 ”Guru, Musa kandha, ’Nèk wong lanang mati tanpa nduwé anak, kakangé utawa adhiné lanang kudu nikah karo randhané wong sing mati mau, supaya wong sing mati mau nduwé keturunan.’ 25 Ing kéné tau ana wong lanang pitu kakang adhi. Sing kapisan nikah banjur mati tanpa nduwé keturunan. Dadi, adhiné lanang terus nikah karo randha mau. 26 Sing kapindho mau ya mati tanpa nduwé keturunan, sing katelu ya ngono. Kuwi kelakon terus nganti sing kapitu. 27 Akiré wong wadon kuwi uga mati. 28 Terus wektu wong-wong mati diuripké manèh, wong wadon kuwi bakal dadi bojoné sapa? Merga wong lanang pitu mau wis tau dadi bojoné.”
29 Yésus njawab, ”Kowé klèru, merga kowé ora ngerti Kitab Suci lan kuwasané Gusti Allah. 30 Wektu wong-wong mati diuripké manèh, wong ora bakal nikah utawa dinikahké, nanging bakal dadi kaya malaékat ing swarga. 31 Apa kowé ora tau maca sing dingendikakké Gusti Allah bab wong mati sing diuripké manèh? Gusti Allah ngendika, 32 ’Aku Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub.’ Panjenengané kuwi dudu Gusti Allahé wong mati, nanging Gusti Allahé wong urip.” 33 Wektu krungu kuwi, akèh wong padha nggumun karo wulangané Yésus.
34 Sakwisé krungu nèk Yésus wis nggawé wong-wong Saduki dadi meneng klakep, wong-wong Farisi nemoni Yésus bebarengan. 35 Banjur salah siji saka antarané wong-wong kuwi, sing pinter bab hukum Taurat, takon kanggo nguji Yésus, 36 ”Guru, préntah endi sing paling penting ing hukum Taurat?” 37 Yésus njawab, ”’Tresnaa marang Yéhuwah Gusti Allahmu sakwutuhé atimu, sakwutuhé nyawamu,* lan sakwutuhé pikiranmu.’ 38 Iki préntah sing paling penting lan paling utama. 39 Préntah kapindho sing ana hubungané karo kuwi, yaiku, ’Tresnaa marang pepadhamu* kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.’ 40 Rong préntah kuwi sing dadi dhasaré kabèh isiné Taurat lan Tulisan Para Nabi.”
41 Wektu wong-wong Farisi padha nglumpuk ing kono, Yésus takon marang wong-wong kuwi, 42 ”Apa pendapatmu bab Kristus? Dhèwèké kuwi putrané sapa?” Wong-wong kuwi njawab, ”Putrané Daud.” 43 Yésus takon manèh, ”Nèk ngono, ngapa Daud sing dituntun roh suci isa nyebut Kristus kuwi Gusti, wektu dhèwèké kandha, 44 ’Yéhuwah ngendika marang Gustiku, ”Lungguha ing sisih tengen-Ku nganti Aku nggawé mungsuh-mungsuhmu ana ing sakngisoré sikilmu”’? 45 Nèk Daud waé nyebut Kristus kuwi Gusti, kok isa Kristus disebut putrané Daud?” 46 Ora ana wong siji-sijia sing isa njawab. Lan wiwit dina kuwi, ora ana sing wani takon manèh marang Yésus.