Daftar Istilah Alkitab
A B C D F G H I J K L M N P R S T U W Y Z
A
Abdiné jemaat.
Saka tembung Yunani diakonos, sing kerep diterjemahké dadi ”pelayan” utawa ”abdi”. ”Abdiné jemaat” maksudé wong sing nglayani kanggo mbantu badan pinituwa ing jemaat. Dhèwèké kudu netepi syarat-syarat sing ana ing Alkitab kanggo éntuk tugas pelayanan iki.—1Tim 3:8-10, 12.
Ahli ramal bintang.
Wong-wong sing nyinaoni obahé srengéngé, bulan, lan bintang kanggo ngramal apa sing bakal kedadéan.—Mat 2:1.
Ahli sihir.
Wong sing nggunakké kekuwatan sing asalé saka roh-roh jahat.—Kis 13:6.
Ahli Taurat.
Wong sing nyalin Kitab-Kitab Ibrani. Wektu Yésus teka ing bumi, istilah kuwi maksudé wong-wong lanang sing sinau hukum Taurat. Wong-wong kuwi nentang Yésus.—Éz 7:6; Mrk 12:38, 39; 14:1.
Akhaya.
Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, Akhaya kuwi provinsi ing Romawi sing ana ing sisih kidulé Yunani. Ibu kotané yaiku Korintus. Akhaya klebu kabèh dhaérah Péloponésus lan bagéan tengah saka daratan Yunani.—Kis 18:12.
Alfa lan Oméga.
Amin.
Tegesé ”dadia kaya ngono”, utawa ”mesthi”. Tembung kuwi asalé saka kata dasar Ibrani aman, sing tegesé ”setya, isa dipercaya”. ”Amin” diucapké kanggo nduduhké nèk setuju karo sumpah, donga, utawa omongan sing diomongké. Ing buku Wahyu, tembung iki digunakké kanggo nduduhké sebutané Yésus.—PT 27:26; 1Bb 16:36; Rm 1:25; Why 3:14.
Anak mbarep.
Biasané, kuwi anak lanang kapisan saka bapaké. Ing jaman Alkitab, anak lanang mbarep nduwé kaurmatan ing keluarga lan dadi kepala keluarga sakwisé bapaké mati. Yésus kuwi anak mbarepé Yéhuwah, sing kapisan diciptakké, lan sing sepisanan diuripké manèh saka antarané wong mati.—Pd 25:33; Pa 11:5; Kol 1:15; Why 1:5.
Andhong.
Antikristus.
Ing basa Yunani, istilah iki artiné ana loro. (1) Sing anti utawa sing nentang Kristus, lan (2) Kristus palsu, yaiku sing nggantèni Kristus. Kabèh wong, pakumpulan utawa kelompok sing ngaku-ngaku dadi wakilé Kristus utawa dadi Mésias, padahal dudu, utawa sing nentang Kristus lan murid-muridé, kuwi disebut antikristus.—1Yoh 2:22.
Apa sing bener.
Ing Alkitab, iki tegesé apa sing bener miturut pathokané Gusti Allah bab apa sing bener lan salah. Kadhang kala, tembung iki diterjemahké dadi apa sing apik, becik, lan adil. Wong sing bener kuwi tegesé wong sing tumindaké cocog karo kersané Gusti Allah lan préntah-préntahé, dudu mung wong sing tumindaké bener miturut pandangané manungsa.—Pd 15:6; PT 6:25; Zf 2:3; Mat 6:33.
Aréopagus.
Bukit sing dhuwur ing Athéna, ing sisih barat laut Akropolis. Aréopagus kuwi uga jeneng mahkamah (pengadilan) sing ana ing kana. Paulus digawa mrana karo para pengikuté Stoa lan Èpikuros kanggo njelaské kapercayané.—Kis 17:19.
Armagédon.
Saka tembung Ibrani Har Meghiddohn, sing tegesé ”Gunung Mégido”. Tembung iki ana hubungané karo ”perang ing dinané Gusti Allah Sing Mahakuwasa”. Ing wektu kuwi ”kabèh raja ing bumi” padha ngumpul kanggo perang nglawan Yéhuwah. (Why 16:14, 16; 19:11-21)—Deloken SENGSARA GEDHÉ.
Aselgeia.—
Deloken TUMINDAK KURANG AJAR.
Asia.
Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, kuwi jenengé provinsi ing Romawi, klebu dhaérah sing saiki dadi bagéan kulon saka negara Turki, uga sapérangan pulau sing ana ing pinggir pantai, yaiku Samos lan Patmos. Ibu kotané yaiku Éfésus.—Kis 20:16; Why 1:4.
B
Baal.
Déwané wong Kanaan sing dianggep dadi sing nduwèni langit, sing mènèhi udan, lan déwa kesuburan. ”Baal” uga digunakké kanggo nyebut déwa-déwa liya ing dhaérah kono sing kedudukané luwih asor. Ing basa Ibrani, tembung iki tegesé ”Sing Nduwé; Majikan”.—1Ra 18:21; Rm 11:4.
Bait.
Bangunan permanèn ing Yérusalèm sing dadi pusat ibadahé wong-wong Israèl. Kuwi nggantèni tabernakel sing isa dibongkar-pasang. Bait kapisan dibangun karo Salomo lan diremuk karo wong Babilon. Bait sing kapindho dibangun karo Zérubabèl sakwisé wong-wong Israèl bali saka Babilon, banjur dibangun manèh karo Hérodès Agung. Kadhang kala, kuwi disebut ’omah’.—Mat 21:13; 1Bb 29:1; 2Bb 2:4; Mat 24:1.
Baptisan; Baptis.
Basa Aram.
Salah siji basa Semitik sing mèh padha karo basa Ibrani, lan nggunakké abjad sing padha. Wiwitané, basa iki digunakké karo wong Aram, nanging basa kuwi banjur dadi basa internasional sing digunakké kanggo urusan dagang lan komunikasi ing wilayah Kerajaan Asiria lan Kerajaan Babilon. Basa iki uga dadi basa resminè wilayah Kerajaan Pèrsia. (Éz 4:7) Sebagéan buku Ézra, Yérémia, lan Danièl ditulis nganggo basa Aram. Ana sapérangan tembung basa Aram sing digunakké ing Kitab-Kitab Yunani Kristen.—Éz 4:8–6:18; 7:12-26; Ym 10:11; Dn 2:4b–7:28; Mrk 14:36; Kis 9:36.
Béèlzebul.
Bintang ésuk.—
Deloken BINTANG PANJER ÉSUK.
Bintang panjer ésuk.
Tegesé mirip karo ”bintang ésuk”. Iki bintang sing kèri dhéwé kétok ing sisih wétan sakdurungé srengéngé mlethèk, lan metuné bintang iki dadi tandha nèk wis ganti dina.—Why 22:16; 2Ptr 1:19.
Brahala; Nyembah brahala.
Brahala kuwi patung utawa lambang saka sawijiné perkara sing nyata utawa ora nyata, sing digunakké kanggo ngibadah. Nyembah brahala kuwi tegesé muja-muja, nresnani, utawa ngluhurké brahala.—Ms 115:4; Kis 17:16; 1Kor 10:14.
C
Cagak paukuman.
Saka tembung Yunani stauros sing tegesé cagak lurus, kaya sing dinggo matèni Yésus. Ora ana bukti nèk tembung Yunaniné tegesé salib, kaya lambang agama sing dinggo wong-wong kafir atusan taun sakdurungé Masèhi. Istilah ”cagak paukuman” cocog karo maksud saka tembung asliné, merga tembung Yunani stauros uga digunakké kanggo njelaské bab kahanan sing bakal dialami para pengikuté, yaiku disiksa, dirèmèhké, lan ngalami kasangsaran. (Mat 16:24; Ibr 12:2)—Deloken CAGAK.
Cagak.
Sapérangan bangsa nggunakké cagak kanggo ngukum mati wong lan/utawa ndadèkké mayité wong sing dihukum kuwi dadi tontonan kanggo pangéling-éling wong-wong liyané, utawa kanggo ngisin-isinké ing ngarepé wong akèh. Bangsa Asiria, sing terkenal kejem wektu perang, nggunakké cagak sing pucuké lancip kanggo nujeb tawanané ing weteng nganti tembus ing rongga dhadha, banjur tawanan mau diejarké ing cagak kuwi. Nanging ing hukum Yahudi, wong sing nindakké kejahatan sing kejem, contoné ngrèmèhké Gusti Allah utawa nyembah brahala, bakal dipatèni luwih dhisik nganggo cara dibandhemi watu utawa cara liyané, banjur mayité digantung ing cagak utawa wit kanggo pangéling-éling wong-wong liyané. (PT 21:22, 23; 2Sa 21:6, 9) Kadhang kala, wong Romawi mung nalèni korbané ing cagak, dadi korbané isa urip nganti pirang-pirang dina banjur mati merga kelaran, ngelak, keluwèn, utawa kena panasé srengéngé. Ing kasus liyané, kaya pas Yésus dipatèni, wong-wong Romawi maku tangan lan sikilé korbané ing cagak. (Luk 24:20; Yoh 19:14-16; 20:25; Kis 2:23, 36)—Deloken CAGAK PAUKUMAN.
D
Dalané Gusti.
Wong-wong sing dadi pengikuté Yésus Kristus disebut pengikuté ”Dalané Gusti”, merga wong-wong kuwi niru tuladhané Yésus Kristus, lan uripé cocog karo imané wong-wong kuwi marang Yésus.—Kis 19:9.
Danau geni.
Panggonan sing isiné ”geni lan belérang sing mulad-mulad”, uga disebut ”pati sing kapindho”. Panggonan kuwi mung lambang. Wong dosa sing ora mertobat, Sétan, pati, lan Kuburan (utawa Hadès) diuncalké menyang kono. Merga makhluk roh, pati, lan Hadès ora isa diobong nganggo geni, kuwi nduduhké nèk danau iki mung lambang, sing maksudé sirna saklawas-lawasé, dudu siksaan sing langgeng.—Why 19:20; 20:14, 15; 21:8.
Dékapolis.
Kutha-kutha ing Yunani sing wiwitané cacahé ana sepuluh (saka tembung Yunani deka sing tegesé ”sepuluh”, lan polis sing tegesé ”kutha”). Akèh saka antarané kutha-kutha kuwi ana ing wétané Laut Galiléa lan Kali Yordan, mula dhaérah kono uga disebut Dékapolis. Dékapolis kuwi pusat perdagangan lan pusaté budaya Helenistik. Yésus tau ngliwati wilayah iki, nanging Alkitab ora nyathet nèk dhèwèké tau mara ing salah siji kutha kuwi.—Mat 4:25; Mrk 5:20.
Depa.
Ukuran dawa kanggo ngukur jeroné banyu, padha karo 1,8 m (6 kaki).—Kis 27:28, cathetan ngisor.
Dina Pangapurané Dosa.
Dina suci sing paling penting kanggo wong Israèl. Dina iki uga disebut Yom Kippur (saka basa Ibrani yohm hakkippurim, ”dina kanggo nutupi”), sing dianakké ing tanggal 10 Étanim. Saben taun, imam agung mlebu ing Papan Mahasuci ing tabernakel mung ing dina iki. Ing kono, dhèwèké mènèhké getihé kéwan sing dikurbanké kanggo dosané dhéwé, dosané wong-wong Lèwi liyané, lan dosané bangsa Israèl. Kurban-kurban kuwi dadi gambaran saka kurbané Yésus, sing isa nebus dosané manungsa kanthi tuntas, lan diwènèhké sepisan kanggo saklawasé. Mula liwat kurbané Yésus kuwi, manungsa isa dirukunké karo Yéhuwah. Ing dina kuwi, wong Israèl ngumpul kanggo ngibadah lan pasa. Dina kuwi uga sabat, mula bangsa Israèl ora éntuk nyambut gawé ing dina kuwi.—Km 23:27, 28; Kis 27:9; Kol 1:20; Ibr 9:12.
Dina Pengadilan.
Sawijiné dina utawa mangsa wektu Gusti Allah bakal ngadili bangsa, kelompok, utawa kabèh wong. Ing dina pengadilan, wong-wong sing wis divonis mati isa waé bakal dipatèni, nanging kanggo wong-wong liyané, dina pengadilan kuwi isa dadi kesempatan kanggo dislametké lan nampa urip saklawasé. Yésus Kristus lan para rasulé nyebut bab ”Dina Pengadilan” sing bakal kelakon mbésuk. Ing mangsa kuwi, wong urip lan wong mati bakal diadili.—Mat 12:36.
Dina Persiapan.
Sebutan kanggo dina sakdurungé Sabat, yaiku wektu wong-wong Yahudi nggawé persiapan kanggo Sabat. Dina iki rampung wektu srengéngé angslup ing dina sing saiki disebut Jumat, yaiku wektu Sabat diwiwiti. Kanggoné wong Yahudi, sedina kuwi diwiwiti wektu srengéngé angslup nganti srengéngé angslup manèh.—Mrk 15:42; Luk 23:54.
Dina-dina pungkasan.
Ing ramalan Alkitab, istilah iki lan istilah liyané sing mirip, contoné ”dina kang wekasan”, maksudé mangsa pas kedadéan-kedadéan penting ing sejarahé manungsa bakal tekan ing puncaké. (Yk 38:16; Dn 10:14; Kis 2:17) Gumantung ramalané, iki maksudé isa waé mangsa sing suwéné pirang-pirang taun utawa luwih. Istilah iki kususé digunakké ing Alkitab kanggo nduduhké bab sing ana hubungané karo ”dina-dina pungkasan” saka sistem donya iki, yaiku mangsa rawuhé Yésus sing ora kétok.—2Tim 3:1; Yak 5:3; 2Ptr 3:3.
Dinar.
Dhuwit pérak Romawi sing aboté kira-kira 3,85 g (0,124 ons troy) lan ana gambaré Kaisar ing salah siji sisihé. Opahé wong kerja sedina yaiku sak dinar. Wong Romawi uga njaluk pajeg marang wong Yahudi sing jumlahé sak dinar.—Mat 22:17; Luk 20:24.
Drakhma.
Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, tembung iki maksudé dhuwit rècèh Yunani sing digawé saka pérak, lan ing wektu kuwi aboté 3,4 g (0,109 ons troy).—Mat 17:24.
Dupa.
Campuran saka tlutuh wangi lan balsem sing kobong sithik mbaka sithik, lan ngasilké ambu wangi. Dupa kusus sing digawé saka patang bahan digunakké ing tabernakel lan ing bait. Dupa kuwi diobong ésuk lan bengi ing mésbah dupa sing ana ing Papan Suci. Ing Dina Pangapurané Dosa, dupa diobong ing njero Papan Mahasuci. Kuwi dadi lambang nèk donga-dongané para abdiné Gusti Allah sing setya ditampa karo Gusti Allah. Wong Kristen ora kudu nggunakké dupa.—Pa 30:34, 35; Km 16:13; Why 5:8.
F
Farisi.
Sèkte agama Yahudi (Yudaisme) sing utama ing abad kapisan M. Wong-wong kuwi dudu keturunan imam, nanging nindakké hukum Taurat kanthi tliti nganti rincian-rincian sing paling cilik. Wong-wong kuwi uga nganggep nèk tradhisi-tradhisi sing ora katulis kuwi padha pentingé karo hukum Taurat. (Mat 23:23) Wong-wong kuwi nolak kabèh pengaruh saka budaya Yunani, lan nduwé kuwasa sing gedhé ing masyarakat merga wong-wong kuwi ahli ing bab hukum Taurat lan tradhisi. (Mt 23:2-6) Ana sapérangan wong Farisi sing dadi anggota Sanhédrin. Wong-wong kuwi kerep nentang Yésus ing bab nindakké Sabat, tradhisi, lan srawung karo wong dosa lan petugas pajeg. Ing antarané wong-wong Farisi, ana sing dadi wong Kristen, klebu Saul saka Tarsus.—Mat 9:11; 12:14; Mrk 7:5; Luk 6:2; Kis 26:5.
Firaun.
Firdaus.
Taman sing éndah. Firdaus sing kapisan yaiku Taman Èden, sing diciptakké Yéhuwah kanggo manungsa sing kapisan, yaiku Adam lan Hawa. Wektu ngomong karo penjahat sing ana ing jèjèré sing uga dipaku ing cagak, Yésus nyebutké nèk bumi iki bakal dadi firdaus. Ing 2 Korintus 12:4, tembung iki maksudé mung kiasan, lan ing Wahyu 2:7, tembung iki maksudé firdaus ing swarga.—Kd 4:13; Luk 23:43.
G
Geber.
Kain tenun sing éndah lan ana sulaman sing gambaré kerub-kerub. Kain kuwi misahké Papan Suci lan Papan Mahasuci ing tabernakel lan ing bait.—Pa 26:31; 2Bb 3:14; Mat 27:51; Ibr 9:3.
Géhéna.
Jeneng Yunani kanggo Lembah Hinom, sing ana ing kidulé Yérusalèm kuna. (Ym 7:31) Ing ramalan, lembah iki disebut dadi panggonané mayit-mayit sing pating glimpang. (Ym 7:32; 19:6) Ora ana bukti sing nyebutké nèk kéwan utawa manungsa diuncalké menyang Géhéna kanggo diobong urip-urip utawa disiksa. Dadi, panggonan kuwi ora nglambangké panggonan kanggo nyiksa saklawasé jiwa-jiwané manungsa nganggo geni. Nanging tembung Géhéna digunakké karo Yésus lan para muridé kanggo nglambangké hukuman sing langgeng, yaiku ”pati sing kapindho” sing maksudé disirnakké saklawasé.—Why 20:14; Mat 5:22; 10:28.
Gulungan.
Lembaran dawa sing digawé saka perkamèn utawa papirus sing ana tulisané ing salah siji sisihé, lan biasané digulung ing sawijiné tongkat. Kitab Suci ditulis lan disalin ing gulungan-gulungan, yaiku bentuk buku sing biasa digunakké wektu Alkitab ditulis.—Luk 4:17-20; 2Tim 4:13.
Gusti.
Saka tembung Yunani Kyrios sing tegesé majikan, sing nduwé, utawa wong sing nduwé kedudukan. Ing Kitab Suci, sebutan iki maksudé isa manungsa, Yésus Kristus, utawa Yéhuwah, gumantung bab sing lagi dirembug.
H
Hadès.
Tembung Yunani sing artiné padha karo tembung Ibrani ”Syéol”. Tembung iki diterjemahké dadi ”Kuburan” (diwiwiti nganggo huruf gedhé), kanggo nduduhké nèk kuwi maksudé panggonané wong mati. Kuwi dudu panggonan sing ana tenan, nanging mung lambang.—Deloken KUBURAN.
Halaman.
Kawasan sing ana ing njabané tabernakel, sing diubengi pager. Banjur, tembung kuwi dadi sebutan kanggo kawasan sing ana ing njabané bangunan utama bait, sing diubengi témbok. Mésbah persembahan bakaran ana ing halaman tabernakel lan halaman bait bagéan njero. Alkitab uga nyebut bab halaman omah lan halaman istana.—Pa 8:13; 27:9; 1Ra 7:12; Mat 26:3; Mrk 15:16; Why 11:2.
Hasta.
Ukuran dawa, sing dawané kira-kira saka sikut tekan pucuk driji tengah. Hasta sing digunakké wong Israèl biasané ukurané 44,5 cm (17,5 inci), nanging wong-wong Israèl uga nggunakké hasta sing luwih dawa yaiku 51,8 cm utawa (20,4 inci), sing kacèké karo hasta biasa kira-kira sak ambané tlapak tangan.—Pd 6:15; Mat 6:27; Luk 12:25; Why 21:17.
Hèrmes.
Déwané wong Yunani, anaké Zéus. Wong-wong ing Listra ngira nèk Paulus kuwi Hèrmes, merga déwa iki dianggep dadi utusané para déwa, uga déwa sing pinter ngomong.—Kis 14:12.
Hérodès.
Jeneng keluarga saka raja-raja sing dilantik Roma kanggo mréntah wong Yahudi. Hérodès Agung terkenal merga mbangun manèh bait ing Yérusalèm lan mréntahké supaya bocah-bocah cilik dipatèni wektu dhèwèké ngupaya matèni Yésus. (Mat 2:16; Luk 1:5) Hérodès Arkhélaus lan Hérodès Antipas, yaiku anak-anaké Hérodès Agung, dilantik kanggo nguwasani bagéan-bagéan ing wilayah sing tau dikuwasani bapaké. (Mat 2:22) Hérodès Antipas kuwi gubernur sing biasané disebut ”raja”, sing mréntah saksuwéné pelayanané Kristus sing suwéné telung taun setengah nganti mangsa sing dicritakké ing Kisah bab 12. (Mrk 6:14-17; Luk 3:1, 19, 20; 13:31, 32; 23:6-15; Kis 4:27; 13:1) Sakwisé kuwi, Hérodes Agripa I, yaiku putuné Hérodès Agung, dihukum mati karo malaékaté Gusti Allah sakwisé mréntah sedhéla. (Kis 12:1-6, 18-23) Anaké, yaiku Hérodès Agripa II, dadi panguwasa lan mréntah nganti pembrontakané wong-wong Yahudi nglawan Roma.—Kis 23:35; 25:13, 22-27; 26:1, 2, 19-32.
Hisop.
Tanduran sing pang-pangé lan godhong-godhongé apik, digunakké kanggo nyipratké getih utawa banyu wektu upacara nyucèkké badan. Tembung Yunani lan Ibrani sing disebutké ing Alkitab mungkin maksudé sapérangan jenis tanduran, isa waé Origanum maru lan Origanum syriacum. Tembung ”hisop” sing digunakké ing Yohanes 19:29 mungkin maksudé salah siji jenis tanduran sing thukul rada dhuwur lan nduwé gagang sing dawa (Sorghum vulgare), merga kuwi isa digunakké kanggo mènèhké kembang karang sing wis dicelupké ing anggur kecut menyang tutuké Yésus.—Ibr 9:19.
Hubungan sèks sing ora sah.
Saka tembung Yunani porneia. Iki istilah kanggo kabèh hubungan sèks sing dilarang, contoné laku jina, pelacuran, hubungan sèks karo wong sing dudu bojoné, hubungan sèks karo sing padha lanangé utawa padha wédoké (homosèks), lan hubungan sèks karo kéwan (bèstialitas). Ing Wahyu, pelacur agama sing disebut ”Babilon Gedhé” digambarké nindakké hubungan sèks sing ora sah merga akrab karo para panguwasa donya demi éntuk kuwasa lan bandha. (Why 14:8; 17:2; 18:3; Mat 5:32; Kis 15:29; Gal 5:19)—Deloken PELACUR.
I
Iblis.
Ibrani.
Sebutan sing sepisanan digunakké kanggo Abram (Abraham), sing mbédakké dhèwèké saka antarané wong Amori sing ana ing sakiwa-tengené. Banjur, tembung kuwi digunakké kanggo nyebut keturunané Abraham liwat Yakub putuné, lan uga kanggo nyebut basané wong-wong kuwi. Ing jamané Yésus, basa Ibrani kuwi klebu akèh istilah basa Aram. Kristus lan murid-muridé nggunakké basa Ibrani.—Pd 14:13; Pa 5:3; Kis 26:14.
Ilirikum.
Provinsi ing Romawi ing sisih barat laut Yunani. Paulus lunga nganti tekan provinsi iki wektu nindakké tugas nginjilé, nanging ora disebutké apa Paulus nginjil ing Ilirikum utawa mung lunga mrana.—Rm 15:19.
Imam.
Wong sing dadi wakil resminé Gusti Allah, sing nglayani umat lan mulang umat kuwi bab Gusti Allah lan hukum-hukumé. Imam uga dadi wakilé umat ing ngarsané Gusti Allah, mènèhké kurban, dadi perantara, lan nyuwun marang Gusti Allah demi umat kuwi. Sakdurungé ana Hukum Musa, kepala keluarga dadi imam kanggo keluargané. Sakwisé ana Hukum Musa, sing dadi imam yaiku wong-wong lanang ing keluargané Harun, sing asalé saka suku Lèwi. Sing ngéwangi imam-imam kuwi yaiku wong-wong lanang liyané saka suku Lèwi. Wektu perjanjian anyar wis mulai kanggo, Israèl rohani dadi bangsa imam lan Yésus Kristus sing dadi Imam Agung.—Pa 28:41; Ibr 9:24; Why 5:10.
Imam agung.
Miturut Hukum Musa, imam agung kuwi imam utama sing makili wong-wong ing ngarsané Gusti Allah lan ngawasi imam-imam liyané. Mung imam agung sing éntuk mlebu ing Papan Mahasuci, yaiku bagéan paling njero saka tabernakel lan bait. Dhèwèké mlebu mrono setaun pisan, yaiku mung ing Dina Pangapurané Dosa. Istilah ”imam agung” uga digunakké kanggo Yésus Kristus.—Km 16:2, 17; 21:10; Mat 26:3; Ibr 4:14.
Imam kepala.
Istilah liya kanggo ”imam agung” ing Kitab-Kitab Ibrani. Ing Kitab-Kitab Yunani, istilah ”imam kepala” maksudé wong-wong penting ing antarané para imam, isa waé klebu mantan imam agung lan para kepalané 24 regu imam.—2Bb 26:20; Éz 7:5; Mat 2:4; Mrk 8:31.
Israèl.
Jeneng sing Gusti Allah paringké marang Yakub. Akiré kuwi dadi sebutan kanggo kabèh keturunané Yakub sing urip ing sawijiné jaman. Keturunané 12 anaké Yakub kerep disebut wong-wong Israèl, keturunan Israèl, utawa bangsa Israèl. Israèl uga didadèkké jeneng saka kerajaan sepuluh suku ing sisih lor, sing misah saka kerajaan sing ana ing sisih kidul. Banjur, wong-wong Kristen sing dilantik roh suci disebut ”Israèl duwèké Gusti Allah”.—Gal 6:16; Pd 32:28; Kis 4:10; Rm 9:6.
J
Jemaat.
Sakelompok wong sing ngumpul bareng kanggo sawijiné tujuan utawa kagiyatan. Ing Kitab-Kitab Ibrani, biasané tembung kuwi maksudé bangsa Israèl. Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, tembung kuwi maksudé jemaat Kristen siji, nanging tembung kuwi luwih kerep digunakké kanggo nyebutké akèh jemaat Kristen.—1Ra 8:22; Kis 9:31; Rm 16:5.
Jiwa.
Tembung iki terjemahan umum saka tembung Ibrani nefes lan tembung Yunani psykhe. Sakwisé ditliti piyé tembung iki digunakké ing Alkitab, cetha nèk sing dimaksud yaiku (1) wong, (2) kéwan, utawa (3) uripé manungsa utawa kéwan. (Pd 1:20; 2:7; Wi 31:28; 1Ptr 3:20; uga cathetan ngisor.) Carané tembung ”jiwa” digunakké ing Alkitab béda karo carané tembung kuwi digunakké ing akèh agama liyané. Alkitab nduduhké nèk tembung nefes lan psykhe, nèk digunakké kanggo manungsa utawa kéwan, kuwi maksudé sawijiné bab sing ana wujudé, kétok, isa didemèk, lan isa mati. Ing terjemahan iki, tembung asliné luwih kerep diterjemahké miturut arti sing dimaksud ing ayaté, contoné ”nyawa”, ”urip”, ”makhluk”, ”wong”, utawa nganggo kata ganti (contoné ”jiwaku” dadi ”aku”). Ing akèh ayat, ana tembung liya kanggo ”jiwa” sing didèlèhké ing cathetan ngisor. Wektu tembung ”jiwa” digunakké ing tèks utawa ing cathetan ngisor, sing dimaksud yaiku salah siji arti saka katrangan ing ndhuwur mau. Nindakké sawijiné perkara kanthi sakwutuhé jiwa tegesé nindakké kuwi kanthi sakabèhé kekuwatan, sakwutuhé ati, utawa sakabèhé uripé. (PT 6:5; Mat 22:37) Ing sapérangan ayat, tembung Ibrani lan tembung Yunaniné maksudé isa waé pepénginan utawa nafsu sing diduwèni makhluk hidup, utawa tegesé uga isa wong mati utawa mayit.—Wi 6:6; WB 23:2; Yé 56:11; Hg 2:13.
Jurang sing jero banget.
K
Kabar apik.
Kain goni.
Kain kasar sing digunakké kanggo nggawé karung utawa kanthong, kaya sing dinggo madhahi akèh jenis wiji. Biasané, kain goni ditenun saka wulu wedhus sing warnané peteng, lan kain kuwi dinggo karo wong wektu ngrasa susah merga ditinggal mati. Sakliyané kuwi, kain goni uga dinggo wektu wong ngrasa sedhih, wektu mertobat, lan ngrasa gela.—Pd 37:34; Luk 10:13.
Kaisar.
Jeneng keluarga Romawi sing akiré dadi sebutan kanggo panguwasa Romawi. Ing Alkitab, sing disebut nganggo sebutan kuwi yaiku Agustus, Tiberius, lan Klaudius. Sebutan kuwi uga kanggo Nero, senajan ora disebutké ing Alkitab. Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, sebutan ”Kaisar” uga digunakké kanggo nyebut pamréntah utawa Negara.—Mrk 12:17; Kis 25:12.
Kali Éfrat.
Kali sing paling dawa lan paling penting ing Asia bagéan kidul lan salah siji saka kali gedhé loro sing ana ing Mésopotamia. Kali iki sepisanan disebutké ing Purwaning Dumadi 2:14, yaiku salah siji saka kali papat sing ana ing Èden. Kali iki dadi wates bagéan lor saka wilayah Israèl.—Pd 15:18; Why 9:14; 16:12.
Kemurtadan.
Ing basa Yunani, tembung iki (apostasia) asalé saka kata kerja sing arti saktenané yaiku ”ngadeg ngedoh saka”. Kata benda kanggo istilah iki artiné ”pengkhianatan utawa pembrontakan”. Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, istilah ”kemurtadan” utamané digunakké kanggo wong-wong sing nyimpang saka ibadah sing bener.—WB 11:9; Kis 21:21; 2Tés 2:3.
Kerub.
Kilan.
Kitab Suci.
Tulisan suci Pangandikané Gusti Allah. Istilah iki mung ana ing Kitab-Kitab Yunani Kristen.—Luk 24:27; 2Tim 3:16.
Kratoné Allah.
Istilah iki utamané digunakké kanggo nduduhké wewenangé Gusti Allah sing paling dhuwur, sing diduduhké liwat pamréntahan kratoné Putrané, Kristus Yésus.—Mat 12:28; Luk 4:43; 1Kor 15:50.
Kristen.
Jeneng sing diparingké Gusti Allah kanggo para pengikuté Yésus Kristus.—Kis 11:26; 26:28.
Kristus.
Kuburan.
Nèk ditulis nganggo huruf cilik, kuwi maksudé kuburan siji. Nanging nèk diwiwiti nganggo huruf gedhé, kuwi maksudé panggonané wong mati. Tembung iki diterjemahké saka tembung Ibrani ”Syeol” lan tembung Yunani ”Hadès”. Ing Alkitab, kuwi maksudé kahanan wektu wong wis ora isa apa-apa manèh lan ora sadhar. Kuwi dudu panggonan sing ana tenan, nanging mung lambang.—Pd 47:30; Mat 27:61; Kis 2:31.
Kurban.
Persembahan marang Gusti Allah kanggo nduduhké rasa sokur, ngakoni kesalahan, lan supaya isa nduwé hubungan sing apik manèh karo Panjenengané. Wiwit saka Habèl, akèh kurban diwènèhké kanthi lila, klebu kurban kéwan. Nanging sakwisé ana perjanjian Hukum Musa, wong-wong Israèl wajib mènèhké kurban kéwan. Senajan ngono, kurban kéwan wis ora dibutuhké manèh wektu Yésus masrahké nyawané dadi kurban sing sampurna, nanging tetep wae, wong Kristen kudu terus mènèhké kurban rohani marang Gusti Allah.—Pd 4:4; Ibr 13:15, 16; 1Yoh 4:10.
Kursi pengadilan.
Biasané bentuké panggung ing njaba, ana undhak-undhakané, panggonané para pejabat ngomong marang kabèh wong sing teka lan ngumumké keputusané. Istilah ”kursi pengadilané Gusti Allah” lan ”kursi pengadilané Kristus” kuwi nglambangké pengaturané Yéhuwah kanggo ngadili manungsa.—Rm 14:10; 2Kor 5:10; Joh 19:13.
Kusta.
Kutuk.
Ngutuk tegesé ngancem utawa ngomong nèk bakal ana kedadéan èlèk sing dialami wong utawa barang. Kuwi béda karo ngunèk-unèkké utawa ngomong kasar merga lagi nesu. Biasané kutukan kuwi maksudé omongan kanggo nduduhké utawa ngramalké nèk sawijiné perkara sing èlèk bakal kelakon. Nèk kutukan digawé karo Gusti Allah utawa wong sing nduwé wewenang, kuwi isa dianggep dadi ramalan sing mesthi bakal kelakon.—Pd 12:3; Wi 22:12; Mrk 11:21.
L
Laku jina.
Legiun.
Pasukan tentara Romawi kuna sing cacahé kira-kira 4.000 nganti 6.000 tentara. Tembung ”Legiun” ing Alkitab maksudé yaiku jumlah sing akèh banget, nganti ora isa diétung.—Mat 26:53; Mrk 5:9; Luk 8:30.
Lepton.
Ing jaman Kitab-Kitab Yunani Kristen, lepton kuwi dhuwit rècèh saka tembaga utawa perunggu sing ajiné paling sithik. Ing sapérangan terjemahan Alkitab, tembung kuwi diterjemahké dadi ”igar”.—Mrk 12:42; Luk 21:2; cathetan ngisor.
Lèwi.
Anak lanangé Yakub sing nomer telu. Ibuné jenengé Léa. Jeneng ”Lèwi” banjur dadi jeneng suku. Telu anaké Yakub dadi peloporé telung regu imam saka wong-wong Lèwi. Kadhang kala, istilah ”wong Lèwi” maksudé kabèh suku Lèwi, nanging biasané kuwi ora klebu keluargané Harun sing dadi imam. Suku Lèwi ora nampa warisan tanah ing Tanah sing Dijanjèkké, nanging diwènèhi 48 kutha sing ana ing wilayahé suku-suku liya.—PT 10:8; 1Bb 6:1; Ibr 7:11.
M
Makédonia.
Wilayah ing sisih loré Yunani, sing dadi terkenal wektu Alèksander Agung dadi panguwasa. Wilayah iki ora dikuwasani sapa-sapa nganti wilayah iki ditaklukké wong Romawi. Makédonia wis dadi provinsi Romawi wektu Rasul Paulus lunga menyang Eropa kanggo sing sepisanan. Paulus lunga menyang Makédonia ping telu.—Kis 16:9.
Malaékat.
Saka tembung Ibrani malakh lan tembung Yunani aggelos. Arti sing saktenané saka tembung-tembung kuwi yaiku ”utusan”, nanging diterjemahké dadi ”malaékat” nèk utusané kuwi makhluk roh. (Pd 16:7; 32:3; Yak 2:25; Why 22:8) Malaékat kuwi makhluk roh sing kuwat, lan diciptakké Gusti Allah suwé sakdurungé manungsa diciptakké. Ing Alkitab, malaékat uga disebut ”para putraning Allah”, ”lintang-lintang ésuk”, lan ”puluhan éwu malaékaté sing suci”. (Ay 1:6; 38:7; Yud 14) Malaékat diciptakké siji-siji, lan ora diwènèhi kesanggupan kanggo nduwé keturunan. Cacahé malaékat luwih saka satus yuta. (Dn 7:10) Alkitab nduduhké nèk saben malaékat nduwé jeneng lan kepribadian sing béda-béda. Nanging para malaékat kuwi andhap asor lan ora gelem disembah, malah akèh malaékat sing ora gelem ngandhani jenengé. (Pd 32:29; Luk 1:26; Why 22:8, 9) Para malaékat nduwé kedudukan sing béda-béda lan tugas sing béda-béda, contoné nglayani ing ngarep tahtané Yéhuwah, ngomongké pangandikané Gusti Allah, tumindak kanggo abdi-abdiné Yéhuwah ing bumi, nindakké pengadilané Gusti Allah, lan ndhukung gawéan martakké kabar apik. (2Ra 19:35; Ms 34:8; Mat 4:11; Luk 1:30, 31; Why 5:11; 14:6) Mbésuk, para malaékat bakal ndhukung Yésus ing perang Armagédon.—Why 19:14, 15.
Manna.
Panganan utama sing disedhiakké Yéhuwah kanggo wong Israèl wektu ana ing padhang belantara 40 taun suwéné. Nganggo cara mukjijat, manna ujug-ujug ana ing ndhuwur lemah, ing ngisor lapisan embun. Manna ana saben ésuk, kejaba pas Dina Sabat. Wektu wong Israèl sepisanan weruh kuwi, wong-wong kuwi kandha, ”Apa iku?” utawa ing basa Ibrani, ”man hu?” (Pa 16:13-15, 35) Yésus uga tau digambarké kaya manna.—Yoh 6:49, 50.
Marmer.
Jeneng botol lenga wangi cilik sing digawé saka watu sing ana ing cedhak Alabastron, Mesir. Botol kaya ngono kuwi biasané nduwé gulu sing cilik sing isa ditutup, supaya lenga wangi sing larang sing ana ing njeroné ora wutah. Watu sing digunakké kanggo nggawé botol kuwi uga disebut marmer.—Mrk 14:3.
Mazmur.
Lagu kanggo muji Gusti Allah. Mazmur dinyanyèkké nganggo iringan alat musik lan dinyanyèkké wektu ibadah, uga dinyanyèkké wektu ngibadah marang Gusti Allah Yéhuwah ing baité ing Yérusalèm.—Luk 20:42; Kis 13:33; Yak 5:13.
Menyan.
Tlutuh garing saka wit utawa sawijiné suket ing genus (kelompok) Boswellia. Wektu diobong, ambuné wangi. Menyan kuwi salah siji bahan kanggo nggawé dupa suci sing digunakké ing tabernakel lan ing bait. Menyan uga digunakké wektu mènèhké persembahan wiji, lan didèlèhké ing saben tumpukan roti persembahan ing Papan Suci.—Pa 30:34-36; Km 2:1; 24:7; Mat 2:11.
Mertobat.
Mésbah.
Bangunan utawa mimbar sing digawé saka lemah, watu, bongkahan watu, utawa kayu sing dilapisi logam, lan dinggo mènèhké kurban utawa dupa kanggo ngibadah. Ing ruang kapisan ing tabernakel lan ing bait, ana mésbah emas cilik kanggo mènèhké dupa. Mésbah kuwi digawé saka kayu sing dilapisi emas. Mésbah tembaga sing luwih gedhé kanggo kurban bakaran panggonané ana ing njaba halaman bait. Mésbah-mésbah uga biasa digunakké ing ibadah palsu.—Pa 39:38, 39; 1Ra 6:20; Mat 5:23, 24; Luk 1:11; Kis 17:23.
Mésias.
Meterai.
Alat kanggo mènèhi cap (biasané sing dicap kuwi bahan saka lempung utawa lilin) sing nduduhké nèk barang kuwi wis ana sing nduwèni, barang kuwi asli, utawa tandha persetujuan lan wong ora isa ngowahi dokumèn utawa apa waé sing wis diwènèhi meterai, klebu lawang lan kuburan. Meterai kuna digawé saka bahan sing atos (watu, gadhing, utawa kayu) sing ana ukiran huruf utawa gambar sing kuwalik. Istilah meterai uga digunakké nganggo cara kiasan kanggo bab sing isa dipercaya, ana sing nduwèni, utawa bab sing didhelikké utawa rahasia.—Yoh 6:27; Éf 1:13; Why 5:1; 9:4.
Mina.
Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, sak mina kuwi padha karo 100 drakhma. Aboté kira-kira 340 g (10,9 ons troy).—Luk 19:13.
Molokh.
Déwané wong Amon, mungkin padha karo Malkam, Milkom, lan Molèkh.—Kis 7:43.
Mukjijat; Tumindak kebak kuwasa.
Tumindak utawa kedadéan sing ngungkuli kekuwatan sing masuk akal kanggo manungsa, lan dianggep saka sumber liya sing hébat banget. Kadhang kala, tembung ”tandha” lan ”pekara-perkara sing ajaib” sing digunakké ing Alkitab nduwé arti sing padha karo kuwi.—Mat 11:20; Kis 4:22; Ibr 2:4.
Mur.
Tlutuh wangi saka akèh jenis suket eri utawa wit-witan cilik sing klebu ing genus (kelompok) Commiphora. Mur kuwi salah siji bahan kanggo lenga suci sing digunakké kanggo nglantik. Mur digunakké kanggo dadi pewangi barang-barang, contoné klambi utawa kasur. Mur uga ditambahké ing lenga kanggo pijet lan lenga kanggo ngrawat kulit, dicampurké ing anggur supaya dadi kaya obat bius, uga digunakké kanggo jenazah sing arep dikubur.—Pa 30:23; WB 7:17; Mrk 15:23; Yoh 19:39.
N
Najis.
Napèni; Panggonan kanggo napèni.
Kagiyatan sing ditindakké supaya wiji pari utawa gandum isa kepisah saka kulit lan pangé; panggonané kagiyatan kuwi ditindakké. Napèni isa ditindakké nganggo tangan nggunakké tongkat, utawa nèk wiji sing ditapèni akèh, ana alat kusus sing digunakké, contoné yaiku papan kayu utawa gilingan sing ditarik kéwan. Alat-alat kuwi bakal nggiling wiji-wiji sing didèlèhké ing panggonan kanggo napèni. Panggonané kuwi rata lan bentuké lingkaran, biasané ana ing panggonan sing akèh anginé.—Km 26:5; Yé 41:15; Mat 3:12.
Narwastu.
Lenga wangi larang sing warnané abang, sing dijupuk saka tanduran narwastu (Nardostachys jatamansi). Merga regané larang, ana sing nggawé lenga narwastu palsu utawa nyampur lenga kuwi karo lenga sing luwih murah. Nanging, Markus lan Yohanes kandha nèk ”narwastu murni” digunakké kanggo Yésus.—Mrk 14:3; Yoh 12:3.
Ngabdi marang Gusti Allah.
Nglantik.
Ing basa Ibrani, tembung iki tegesé ”ngolèsi nganggo cairan”. Lenga diolèské marang wong utawa sawijiné barang kanggo nglambangké nèk wong utawa barang kuwi digunakké kanggo tujuan kusus. Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, tembung iki uga digunakké wektu roh suci disokké ing ndhuwuré wong-wong sing dipilih kanggo urip ing swarga.—Pa 28:41; 1Sa 16:13; Luk 4:18; Kis 10:38; 2Kor 1:21.
Nisan.
Sakwisé pembuwangan ing Babilon, iki dadi sebutan anyar kanggo sasi Abib. Iki sasi kapisan ing kalènder agama Yahudi lan sasi kapitu ing kalènder umum Yahudi. Sasi Nisan diwiwiti saka pertengahan Maret nganti pertengahan April. (Ny 2:1) Riyaya Paskah Yahudi dirayakké tanggal 14 Nisan, lan Yésus netepké Perjamuan Dalu Gusti ing tanggal kuwi. (Luk 22:15, 19, 20) Yésus dipatèni ing cagak paukuman uga ing dina kuwi.—Luk 23:44-46.
Numpangké tangan.
P
Panggonan suci.
Panggonan sing dikususké kanggo ngibadah, panggonan sing suci. Kerep-kerepé, kuwi maksudé tabernakel utawa bait ing Yérusalèm. Istilah kuwi uga digunakké kanggo nyebut panggonané Gusti Allah ing swarga.—Pa 25:8, 9; 2Ra 10:25; 1Bb 28:10; Why 11:19.
Papan kanggo meres anggur.
Biasané wujudé jugangan loro sing digawé saka watu gamping. Jugangan sing siji luwih dhuwur ketimbang sing sijiné lan dihubungké nganggo saluran cilik. Wektu anggur diperes ing jugangan sing luwih dhuwur, sariné bakal mili ing jugangan sing luwih cendhèk. Istilah iki uga digunakké kanggo nggambarké pengadilané Gusti Allah.—Why 19:15.
Papan Mahasuci.
Papan Suci.
Ruangan kapisan lan ruangan sing paling gedhé ing tabernakel utawa ing bait, béda karo ruang sing paling njero, yaiku Papan Mahasuci. Ing tabernakel, Papan Suci kuwi isiné wadhah lampu saka emas, mésbah dupa saka emas, méja roti persembahan, lan alat-alat saka emas. Ing bait, ruang iki isiné mésbah émas, sepuluh wadhah lampu saka emas, lan sepuluh méja roti persembahan.—Pa 26:33; Ibr 9:2.
Paribasan.
Omongan sing wicaksana utawa crita cekak sing isiné piwulang, utawa tembung-tembung cekak sing mulangké apa sing bener kanthi jero. Paribasan ing Alkitab wujudé isa waé teka-teki utawa omongan sing kudu dipikirké tenanan supaya isa ngerti maksudé. Paribasan biasané ngomongké bab apa sing bener nganggo tembung sing nggawé wong isa mbayangké apa sing diomongké, kerep-kerepé nganggo umpama. Ana paribasan-paribasan sing akiré digunakké kanggo ngécé utawa ngrèmèhké wong.—Ko 12:9; 2Ptr 2:22.
Pasa.
Babar blas ora mangan apa-apa kanggo sawetara wektu. Wong-wong Israèl pasa ing Dina Pangapurané Dosa, wektu susah, lan wektu mbutuhké tuntunan saka Gusti Allah. Wong-wong Yahudi netepké patang pasa taunan kanggo mèngeti kedadéan èlèk ing sejarahé bangsa kuwi. Wong Kristen ora kudu pasa.—Éz 8:21; Yé 58:6; Mat 4:2; 9:14; Luk 18:12; Kis 13:2, 3; 27:9.
Pasangan.
Sak lonjor kayu sing dipikul ing pundhaké wong, lan ana barang sing digantung ing pucuk-pucuké kayu kuwi, utawa sak lonjor kayu utawa rangka kayu sing dipasang ing guluné kéwan loro (biasané sapi) wektu narik alat kanggo tani utawa kréta. Merga budhak kerep nganggo kayu pasangan ing guluné kanggo mikul beban sing abot, mula kayu pasangan iki nggambarké kahanan dadi budhak, sipat tundhuk marang wong liya, ditindhes, lan sengsara. Kayu pasangan sing disingkirké utawa ditugel nglambangké nèk wong wis dibébaské, ora dadi budhak manèh, lan wis ora ditindhes manèh.—Km 26:13; Mat 11:29, 30.
Paskah.
Riyaya saben taun sing dirayakké ing tanggal 14 sasi Abib (sing akiré disebut Nisan) kanggo mèngeti pembébasané wong-wong Israèl saka Mesir. Wong-wong padha ngrayakké kuwi kanthi cara mbelèh lan manggang anak wedhus gèmbèl (utawa wedhus jawa), banjur dipangan nganggo sayuran pait lan roti tanpa ragi.—Pa 12:27; Yoh 6:4; 1Kor 5:7.
Pasung.
Pecut.
Ing jamané Yésus, pecut kuwi ana wesi-wesi bunderé, utawa pecahan balung sing landhep sing digunakké kanggo ngukum wong.—Yoh 19:1.
Pejabat pengadilan.
Ing dhaérah-dhaérah jajahan Romawi, para pejabat pengadilan kerja kanggo pamréntah. Tugasé yaiku njaga supaya kabèh tetep tertib, ngatur dhuwit, ngadili wong-wong sing nglanggar hukum, lan ngatur supaya hukuman ditindakké.—Kis 16:20.
Pelacur.
Wong sing nindakké hubungan sèks karo wong sing dudu bojoné, biasané kuwi ditindakké merga dhuwit. (Tembung Yunaniné ”pelacur”, yaiku porne, asalé saka kata dhasar sing tegesé ”ngedol”.) Istilah iki biasané maksudé wong wadon, senajan Alkitab uga nyebutké bab wong lanang sing uga dadi pelacur. Hukum Musa ngutuk pelacuran, lan dhuwit hasil pelacuran ora ditampa dadi sumbangan ing panggonan suciné Yéhuwah. Sewaliké, wong-wong kafir ndadèkké para pelacur kuil dadi sumber penghasilané. (PT 23:17, 18; 1Ra 14:24) Alkitab uga nggunakké tembung ”pelacur” kanggo nglambangké wong-wong, bangsa, utawa pakumpulan sing ngaku nyembah Gusti Allah padahal sakjané nyembah brahala. Contoné, pakumpulan agama sing disebut ”Babilon Gedhé” digambarké kaya pelacur merga akrab karo para panguwasa donya demi éntuk kuwasa lan bandha.—Why 17:1-5; 18:3; 1Bb 5:25.
Pemimpin malaékat.
Pengawal Kerajaan.
Sakelompok prajurit Romawi sing didadèkké pengawal pribadiné kaisar Romawi. Kelompok iki nduwé pengaruh sing gedhé ing bab politik, merga isa ndhukung utawa nglèngsèrké Kaisar.—Flp 1:13.
Pengawas.
Wong lanang sing tanggung jawab utamané yaiku ngawasi lan ngengon jemaat. Tembung Yunani episkopos tegesé ngawasi nanging tujuané kanggo nglindhungi. Ing jemaat Kristen, istilah ”pengawas” (presbyteros) lan ”pinituwa” kuwi maksudé padha. Istilah ”pinituwa” nduduhké nèk sing dilantik kuwi wong sing diwasa, lan istilah ”pengawas” nduduhké bab tugas-tugas sing kudu ditindakké.—Kis 20:28; 1Tim 3:2-7; 1Ptr 5:2.
Pengikuté Èpikuros.
Pengikuté ahli filsafat Yunani sing jenengé Èpikuros (341-270 SM). Wong-wong kuwi nduwé pandangan nèk tujuan utamané wong urip kuwi mung seneng-seneng.—Kis 17:18.
Pengikuté partai Hérodès.
Uga disebut pengikuté Hérodès. Iki partai politik sing ndhukung tujuan politiké Hérodès. Partai iki nduwé wewenang, nanging tundhuk karo pamréntahané Roma. Ana sapérangan wong Saduki sing mungkin mèlu partai iki. Pengikuté partai iki kerja sama karo wong-wong Farisi kanggo nentang Yésus.—Mrk 3:6.
Pengikuté Stoa.
Kumpulan para ahli filsafat Yunani sing percaya nèk manungsa isa bungah nèk uripé masuk akal lan selaras karo alam. Miturut wong-wong kuwi, wong sing bener-bener wicaksana kuwi wong sing ora dipengaruhi rasa lara utawa rasa seneng.—Kis 17:18.
Penjaga.
Wong sing njaga wong-wong utawa panggonan saka bahaya sing isa waé teka, kerep-kerepé ing wayah wengi. Penjaga bakal ngunèkké tandha bahaya nèk ana ancaman. Para penjaga biasané njaga ing témbok kutha lan menara supaya isa ndelok wong-wong sing teka sakdurungé wong-wong kuwi saya cedhak. Ana prajurit sing tugasé dadi penjaga.—Mat 27:65; 28:4.
Péntakosta.
Riyaya sing kapindho saka telung riyaya sing penting ing Israèl. Wong-wong lanang Yahudi wajib lunga menyang Yérusalèm kanggo ngrayakké telung riyaya kuwi. Péntakosta tegesé ”(Dina) Kaping Sèket”. Kitab-Kitab Yunani Kristen nggunakké istilah iki kanggo nyebut Riyaya Panèn utawa Riyaya Minggu-Minggu sing disebutké ing Kitab-Kitab Ibrani. Riyaya iki dianakké ing dina kaping 50 saka tanggal 16 Nisan.—Pa 23:16; 34:22; Kis 2:1.
Perantara.
Perjamuan Dalu Gusti.
Mangan roti tanpa ragi lan ngombé anggur sing nglambangké badan lan getihé Kristus. Iki pèngetan sédané Yésus. Miturut Alkitab, wong Kristen kudu mèngeti sédané Yésus, mula acara iki uga disebut ”Pèngetan”.—1Kor 11:20, 23-26.
Perjanjian.
Kesepakatan resmi utawa kontrak antarané Gusti Allah karo manungsa, utawa antarané manungsa karo manungsa, kanggo nindakké utawa ora nindakké sawijiné perkara. Kadhang kala, mung sak pihak sing kudu nindakké aturan-aturan ing perjanjian, kuwi disebut perjanjian sak pihak utawa unilateral. Kuwi sakjané padha karo janji. Ana uga perjanjian sing kudu ditindakké karo rong pihak sing nggawé perjanjian kuwi, kuwi disebut perjanjian rong pihak utawa bilateral. Sakliyané perjanjian sing digawé antarané Gusti Allah lan manungsa, ing Alkitab uga ana perjanjian antarané wong, suku, bangsa, utawa kumpulan wong. Perjanjian-perjanjian sing digawé antarané Gusti Allah karo Abraham, Daud, bangsa Israèl (perjanjian Hukum), lan Israèl duwèké Gusti Allah (perjanjian anyar) wis nggawa pengaruh sing gedhé.—Pd 9:11; 15:18; 21:27; Pa 24:7; 2Bb 21:7; Luk 22:29; Kis 3:25; 2Kor 3:6; Ibr 8:6.
Perkamèn.
Kulit wedhus gèmbèl, kulit wedhus jawa, utawa kulit pedhèt sing didadèkké lembaran kanggo nulis. Iki luwih awèt ketimbang papirus lan iki didadèkké gulungan-gulungan Alkitab. Perkamèn sing dijaluk Paulus supaya digawa karo Timotius mungkin maksudé bagéan saka Kitab-Kitab Ibrani. Sebagéan Gulungan Laut Mati ditulis ing perkamèn.—2Tim 4:13.
Persembahan anggur.
Persembahan bakaran.
Kurban kéwan (sapi lanang, wedhus gèmbèl lanang, wedhus lanang, manuk derkuku, utawa piyik dara) sing dibakar sakabèhé ing mésbah kanggo persembahan marang Gusti Allah. Ora ana bagéan saka kéwan-kéwan kuwi sing dijupuk karo wong sing mènèhké persembahan kuwi.—Pa 29:18; Km 6:9; Mrk 12:33; Ibr 10:6.
Persembahan dosa.
Persepuluhan.
Sepersepuluh bagéan, utawa 10 persèn, sing wajib diwènèhké utawa dibayarké kanggo netepi aturan agama. (Ml 3:10; PT 26:12; Mat 23:23; Ibr 7:5) Miturut Hukum Musa, sepersepuluh saka hasil tanah utawa saka jumlah ternak sing saya akèh kudu diwènèhké marang wong Lèwi saben taun kanggo dadi tunjangan. Wong Lèwi mènèhké sepersepuluh saka sepersepuluhan sing ditampa iki marang imam keturunané Harun kanggo dadi tunjangan. Uga ana persepuluhan liyané sing dadi tambahan. Wong Kristen ora kudu mènèhi persepuluhan.
Pethi perjanjian.
Pethi sing digawé saka kayu akasia lan dilapisi emas. Pethi kuwi disimpen ing Papan Mahasuci ing tabernakel, lan sakwisé kuwi disimpen ing Papan Mahasuci ing bait sing dibangun Salomo. Tutupé pethi iki digawé saka emas murni. Ing ndhuwur tutup kuwi ana kerub loro sing adhep-adhepan. Barang sing paling penting ing njero pethi kuwi yaiku lèmpèngan watu loro sing isiné Sepuluh Préntah.—PT 31:26; 1Ra 6:19; Ibr 9:4.
Pilar.
Pinituwa; Tuwa-tuwa.
Wong lanang sing umuré wis diwasa, nanging ing Alkitab, tembung iki maksudé wong sing nduwé wewenang utawa tanggung jawab ing sawijiné kelompok utawa bangsa. Ing buku Wahyu, tembung iki uga tegesé makhluk-makhluk roh ing swarga. Tembung Yunani presbyteros diterjemahké dadi ”pinituwa” nèk sing dimaksud kuwi wong-wong sing nduwé tanggung jawab kanggo mimpin jemaat.—Pa 4:29; WB 31:23; 1Tim 5:17; Why 4:4.
Porneia.—
Deloken HUBUNGAN SÈKS SING ORA SAH.
Prokonsul.
Proselit.
Wong sing pindhah agama. Ing Alkitab, sing dimaksud proselit yaiku wong sing mèlu agama Yahudi (Yudaisme). Nèk sing dadi proselit kuwi wong lanang, dhèwèké kudu disunat.—Mat 23:15; Kis 13:43.
Pungkasané jaman.
Mangsa sakdurungé jaman utawa kahanan sing dikendhalèni Sétan dipungkasi. Mangsa iki kelakon bareng karo rawuhé Kristus. Manut arahané Yésus, para malaékat bakal ”misahké wong-wong sing jahat saka antarané wong-wong sing bener” lan nyirnakké wong-wong sing jahat kuwi. (Mat 13:40-42, 49) Para muridé Yésus péngin ngerti kapan ”pungkasané” kuwi bakal kelakon. (Mat 24:3) Sakdurungé bali menyang swarga, Yésus janji marang para muridé nèk bakal terus ngancani para muridé nganti mangsa kuwi.—Mat 28:20.
Putrané Daud.
Kerep-kerepé sing dimaksud nganggo sebutan iki yaiku Yésus. Sebutan kuwi nduduhké nèk Yésus kuwi Ahli Waris saka perjanjian Kratoné Allah. Miturut ramalané Alkitab, ahli waris kuwi asalé saka keturunané Daud.—Mat 12:23; 21:9.
Putrané manungsa.
Istilah iki dicathet ing Injil kira-kira ping 80. Sebutan iki uga nduduhké nèk Yésus bakal netepi ramalan sing dicathet ing Dhanièl 7:13, 14. Yésus nggunakké sebutan iki kanggo nduduhké nèk dhèwèké lair ing bumi dadi manungsa, dudu makhluk roh sing njelma dadi manungsa.—Mat 19:28; 20:28.
R
Ragi.
Bahan sing ditambahké ing adonan supaya isa ngembang utawa sing ditambahké ing cairan supaya dadi alkohol, utawa bagéan adonan sing wis ngembang sing dijupuk saka adonan sing wis digawé sakdurungé. Ing Alkitab, tembung kuwi kerep digunakké kanggo nglambangké dosa utawa karusakan. Kadhang kala, tembung iki uga digunakké kanggo nduduhké hasil sing saya mundhak lan nyebar, nanging prosèsé ora kétok.—Pa 12:20; Mat 13:33; Gal 5:9.
Rahasia suci.
Ramalan.
Warta sing diilhamké, utawa sing asalé saka Gusti Allah, bab kersané Gusti Allah sing disingkapké utawa diumumké. Isiné ramalan isa waé piwulang bab apa sing apik lan sing ala, omongan bab préntah utawa pengadilané Gusti Allah, utawa pengumuman bab kédadéan sing bakal kelakon.—Mat 13:14; 2Ptr 1:20, 21.
Rasul.
Rawuh.
Ing sapérangan bagéan saka Kitab-Kitab Yunani Kristen, tembung iki njelaské bab rawuhé Yésus Kristus dadi raja. Rawuhé Yésus sing ora kétok kuwi diwiwiti wektu Yésus dadi raja ing Kraton Swarga, lan isih terus kelakon ing dina-dina pungkasané sistem donya iki. Tembung ”rawuh” maksudé dudu mung teka sedhéla banjur lunga, nanging rawuhé kuwi suwéné nganti pirang-pirang mangsa.—Mat 24:3.
Resik.
Riyaya Penahbisan.
Riyaya sing dianakké saben taun kanggo ngéling-éling kedadéan wektu bait disucèkké sakwisé dinajiské karo Antiokhus Epifanes. Riyaya iki diwiwiti ing tanggal 25 Khislew, lan dianakké wolung dina suwéné.—Yoh 10:22.
Riyaya Roti Tanpa Ragi.
Riyaya Tabernakel.
Uga disebut Riyaya Tarub, utawa Riyaya Nglumpukké. Iki dianakké tanggal 15-21 Étanim kanggo ngrayakké mangsa panèn ing akir taun pertanian Israèl. Iki wektu kanggo bungah-bungah lan ngucap sokur merga Yéhuwah wis mberkahi panènané bangsa kuwi. Saksuwéné riyaya iki, wong-wong Israèl manggon ing tarub-tarub utawa pondhok-pondhok kanggo ngéling-éling metuné bangsa kuwi saka Mésir. Wong-wong lanang Israèl wajib lunga menyang Yérusalèm kanggo mèlu riyaya iki lan loro riyaya liyané.—Km 23:34; Éz 3:4; Yoh 7:2.
Roh jahat.
Makhluk roh sing jahat lan ora kétok, uga nduwé kekuwatan sing ngungkuli manungsa. Ing Purwaning Dumadi 6:2, makhluk iki disebut ”para putraning Allah” lan ing Yudas 6 disebut ”para malaékat”. Wektu diciptakké, roh-roh kuwi ora jahat. Nanging ing jaman Nuh, roh-roh kuwi padha ora manut lan mèlu-mèlu Sétan mbrontak nglawan Yéhuwah, mula akiré dadi mungsuhé Gusti Allah.—PT 32:17; Luk 8:30; Kis 16:16; Yak 2:19.
Roh suci.
Roh.
Saka tembung Ibrani ruakh lan tembung Yunani pneuma sing tegesé (1) angin, (2) tenaga kanggo urip sing diduwèni makhluk sing urip ing bumi, (3) pepénginan saka atiné wong utawa semangat sing nggawé wong kuwi ngomong utawa nindakké sawijiné perkara, (4) omongan sing diilhamké utawa sing asalé saka sumber sing ora kétok, (5) makhluk roh, (6) tenagané Gusti Allah, utawa roh suci.—Pa 35:21; Ms 104:29; Mat 12:43; Luk 11:13.
Roti persembahan.
Rolas roti sing ditumpuk enem-enem ing méja sing ana ing Papan Suci ing tabernakel lan bait. Uga disebut ”roti sesaosan”. Roti iki dadi persembahan marang Gusti Allah lan mesthi diganti nganggo roti sing anyar saben Dina Sabat. Roti sing lawas biasané mung dipangan karo para imam.—Pa 25:30; Km 24:5-9; Mat 12:4; Ibr 9:2.
S
Sabat.
Saka tembung Ibrani sing tegesé ”istirahat; mandheg”. Iki dina kapitu saka minggu Yahudi (wiwit srengéngé angslup ing dina Jumat nganti srengéngé angslup ing dina Setu). Dina-dina riyaya liyané, klebu taun kaping 7 lan taun kaping 50, uga disebut sabat. Ing dina Sabat, ora ana wong sing olèh nyambut gawé, kejaba imam sing nyambut gawé ing panggonan suci. Ing taun Sabat, lemah ora olèh digarap, lan wong Ibrani ora olèh dipeksa mbayar utang. Larangan sing disebutké ing Hukum Musa kuwi sakjané masuk akal, nanging para pemimpin agama terus-terusan nambah larangan anyar, mula wong-wong ing jamané Yésus dadi angèl kanggo nindakké Sabat.—Pa 20:8; Km 25:4; Luk 13:14-16; Kol 2:16.
Saduki.
Sèkte agama Yahudi (Yudaisme) sing terkenal. Anggotané yaiku wong-wong sing sugih lan para imam sing nduwé pengaruh sing gedhé tumrap kagiyatan ing bait. Wong-wong kuwi nolak akèh tradhisi sing ora katulis sing ditindakké wong-wong Farisi lan kapercayan Farisi liyané. Wong-wong Saduki ora percaya nèk wong mati isa urip manèh lan ora percaya nèk malaékat kuwi ana. Wong-wong kuwi nentang Yésus.—Mat 16:1; Kis 23:8.
Samaria.
Ibu kotané kerajaan Israèl sepuluh suku ing sisih lor saksuwéné kira-kira 200 taun. Samaria kuwi uga jeneng saka kabèh wilayah ing kerajaan kuwi. Kutha Samaria dibangun ing Gunung Samaria. Ing jamané Yésus, Samaria kuwi jeneng wilayah Romawi sing ana ing antarané Galiléa bagéan lor lan Yudéa bagéan kidul. Yésus biasané ora nginjil ing dhaérah kuwi, nanging kadhang Yésus liwat kono lan omongan karo para penduduk ing kono. Pétrus nggunakké kunci Kraton sing kapindho wektu wong-wong Samaria nampa roh suci.—1Ra 16:24; Yoh 4:7; Kis 8:14.
Sanhèdrin.
Sasi anyar.
Sedhekah.
Apa waé sing diwènèhké marang wong sing mbutuhké. Tembung iki ora disebutké langsung ing Kitab-Kitab Ibrani, nanging hukum Taurat mènèhi arahan sing rinci bab kuwi, yaiku wong Israèl wajib mènèhi sedhekah marang wong miskin.—Mat 6:2.
Sèkte.
Sakelompok wong sing mèlu sawijiné piwulang utawa pemimpin, lan wong-wong kuwi nduwé kapercayan dhéwé. Ana rong aliran utama agama Yahudi, yaiku sèkte Farisi lan Saduki. Wong sing dudu Kristen uga nyebut nèk agama Kristen kuwi ”sèkte” utawa ”sèkte wong Nazarèt” merga mungkin dianggep nyimpang saka agama Yahudi (Yudaisme). Ana sèkte-sèkte sing akiré njedhul saka jemaat Kristen, contoné ”sèkte Nikolaus” sing disebutké ing Wahyu.—Kis 5:17, cathetan ngisor; 15:5; 24:5; 28:22; Why 2:6; 2Ptr 2:1.
Sengsara gedhé.
Tembung Yunaniné ”sengsara” maksudé susah lan sedhih merga kahanan sing angèl. Yésus nyebutké bab ”sengsara gedhé” sing durung tau kelakon sing bakal dialami Yérusalèm, lan bab kasangsaran sing mbésuk bakal dialami kabèh wong wektu Yésus ’teka nganggo kamulyané’. (Mat 24:21, 29-31) Paulus njelaské nèk Gusti Allah sing adil bakal nekakké kasangsaran kuwi marang ”wong-wong sing ora kenal Gusti Allah lan sing ora manut kabar apik” bab Yésus Kristus. Wahyu bab 19 nduduhké nèk Yésus Kristus sing bakal mimpin para malaékat kanggo nglawan ”kéwan buas kuwi, raja-raja ing bumi, lan pasukané”. (2Tés 1:6-8; Why 19:11-21) Ana ”kumpulan gedhé wong” sing bakal slamet ngliwati kasangsaran kuwi. (Why 7:9, 14)—Deloken ARMAGÉDON.
Serambi Salomo.
Ing jamané Yésus, Serambi Salomo kuwi dalan ing bait sing ndhuwuré ana atapé, sing ana ing sisih wétané halaman njaba bait. Akèh wong nganggep nèk serambi kuwi sisa saka bait sing dibangun Salomo mbiyèn. Yésus mlaku ing kono ’pas musim dingin’, lan wong-wong Kristen abad kapisan ngumpul ing kono kanggo ngibadah.—Yoh 10:22, 23; Kis 5:12.
Sétan.
Si jahat.
Sinagogé.
Tembung iki tegesé ”nglumpukké; pakumpulan”. Nanging ing akèh ayat, iki maksudé bangunan utawa panggonané wong-wong Yahudi padha ngumpul kanggo maca Kitab Suci, nampa tuntunan, martakké kabar apik, lan ndonga. Ing jamané Yésus, saben kutha sing cukup gedhé ing Israèl nduwé sinagogé siji, lan kutha sing luwih gedhé manèh nduwé sinagogé luwih saka siji.—Luk 4:16; Kis 13:14, 15.
Siria.
Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, Siria kuwi provinsi Romawi, lan ibukotané yaiku Antiokhia. Wilayah Siria kuwi klebu akèh wilayahé Siria (uga disebut Aram) sing disebutké ing Kitab-Kitab Ibrani. Gubernur Siria uga ngawasi kabèh wilayah Palestina.—Luk 2:2; Kis 18:18; Gal 1:21.
Sirtis.
Rong teluk gedhé sing cethèk sing ana ing pesisir pantai Libia, Afrika Utara. Para pelaut jaman ndhisik wedi karo teluk sing mbebayani iki, merga ing ngisoré ana akèh tumpukan pasir sing isa pindhah-pindhah panggonané merga keterjang ombak.—Kis 27:17.
Sistem donya.
Terjemahan saka tembung Yunani aion. Maksudé yaiku kahanan utawa kedadéan ing sawijiné jaman utawa mangsa, sing mbédakké mangsa utawa jaman kuwi saka mangsa liyané. Wektu Alkitab nyebut bab ”sistem donya” kuwi maksudé kahanan donya umumé lan cara urip miturut donya. (2Tim 4:10, cathetan ngisor) Liwat perjanjian Hukum, Gusti Allah nggawé sistem anyar sing disebut jamané wong Israèl utawa jamané wong Yahudi. Liwat kurban tebusané Yésus Kristus, Gusti Allah nggunakké Yésus kanggo nggawé sistem liyané, yaiku sing ana hubungané karo jemaat wong Kristen sing dipilih roh suci. Iki dadi tandha jaman sing anyar. Ing jaman kuwi, sing digambarké karo perjanjian Hukum kelakon. Nèk diterjemahké dadi ”sistem-sistem donya” kuwi maksudé akèh sistem donya utawa kahanan donya umumé, sing wis ana utawa sing bakal ana.—Mat 24:3; Mrk 4:19; Rm 12:2; 1Kor 10:11, cathetan ngisor.
Spiritisme.
Kapercayan nèk rohé wong mati isih urip sakwisé badané mati, lan isa omong-omongan karo wong sing isih urip, kususé liwat wong (perantara) sing gampang urusan karo roh-roh jahat. Tembung Yunaniné ”nindakké spiritisme” yaiku farmakia. Arti saktenané saka tembung kuwi yaiku ”obat bius”. Tembung Yunani kuwi ana hubungané karo spiritisme, merga jaman mbiyèn obat bius digunakké wektu njaluk bantuané roh jahat kanggo nindakké sihir.—Gal 5:20; Why 21:8.
Suci.
Sipat sing ora isa dipisahké saka Yéhuwah. Suci tegesé nduwé moral sing bener-bener resik lan murni. (Pa 28:36; 1Sa 2:2; Yoh 17:11) Nèk sing dimaksud kuwi manungsa (Mrk 6:20; Kis 3:21), barang (Rm 7:12; 11:16; 2Tim 3:15), panggonan (Mat 4:5; Kis 7:33; Ibr 9:1), lan kagiyatan (Pa 36:4), tembung asli ing basa Ibrani lan Yunaniné maksudé dipisahké utawa disucèkké kanggo Gusti Allah sing suci, kepisah kanggo nglayani Yéhuwah. Ing Kitab-Kitab Yunani, tembung sing diterjemahké dadi ”suci” tegesé uga tumindak sing murni.—2Kor 7:1; 1Ptr 1:15, 16.
Sumpah.
Omongan kanggo neguhké nèk sawijiné perkara kuwi bener, utawa janji sing tenanan kanggo nindakké utawa ora nindakké sawijiné perkara. Biasané, wong ngucapké sumpah demi pihak sing kedudukané luwih unggul, biasané demi Gusti Allah. Yéhuwah ngucapké sumpah kanggo neguhké perjanjiané karo Abraham.—Pd 14:22; Ibr 6:16, 17.
Sunat.
Kulit khitané dikethok. Iki wajib ditindakké karo Abraham lan keturunané, nanging ora kudu ditindakké karo wong Kristen. Ing pirang-pirang ayat, tembung iki digunakké kanggo kiasan.—Pd 17:10; 1Kor 7:19; Flp 3:3.
Sungu.
Maksudé sunguné kéwan sing digunakké kanggo wadhah ombé, lenga, tinta, lan kosmètik, utawa kanggo trompèt sing isa dinggo dadi alat musik lan alat kanggo mènèhi tandha. (1Sa 16:1, 13; 1Ra 1:39; Yk 9:2) Tembung ”sungu” kerep digunakké dadi lambang kekuwatan, penaklukan, lan kemenangan.—PT 33:17; Mi 4:13; Luk 1:69.
Sunguné mésbah.
T
Talènta.
Ukuran sing paling gedhé kanggo ngukur aboté barang lan jumlah dhuwit. Ukuran iki dinggo karo wong-wong Ibrani. Aboté yaiku 34,2 kg (75,5 pon; 91,75 pon troy; 1.101 ons troy). Talènta Yunani ukurané luwih cilik, lan aboté kira-kira 20,4 kg (44,8 pon; 54,5 pon troy; 654 ons troy).—1Bb 22:14; Mat 18:24.
Tandha.
Tanduran Pait.
Jenis-jenis tanduran berkayu sing rasané pait banget lan ambuné nyegrak. Ing Wahyu 8:11, ”tanduran pait” maksudé zat beracun sing pait, uga disebut absinthe.
Tartarus.
Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, kuwi maksudé kahanan diasorké kaya dikurung ing penjara. Para malaékat sing ora manut ing jaman Nuh kaya-kaya diuncalké mrono. Ing 2 Pétrus 2:4, kata kerja tartaroo (tegesé ”nguncalké menyang Tartarus”) maksudé dudu ”malaékat-malaékat sing dosa” diuncalké menyang panggonan sing disebut Tartarus miturut kapercayan kafir (yaiku penjara bawah tanah sing peteng, panggonané déwa-déwa sing kedudukané luwih asor). Sewaliké, kuwi tegesé malaékat-malaékat kuwi diasorké Gusti Allah saka kedudukané sing luhur ing swarga, mula malaékat-malaékat kuwi kaya-kaya ana ing kahanan sing peteng ndhedhet, ora isa ndelok kersané Gusti Allah sing mulya. Pepeteng uga nggambarké pungkasané malaékat-malékat kuwi. Kaya sing dicritakké ing Alkitab, malaékat-malaékat kuwi lan panguwasané, yaiku Sétan si Iblis, bakal disirnakké saklawasé. Mula, Tartarus kuwi tegesé kahanan sing paling asor kanggo para malaékat sing mbrontak. Iki béda karo ”jurang sing jero banget” sing disebutké ing Wahyu 20:1-3.
Taurat; Hukum Musa.
Tebusan.
Rega sing dibayarké supaya isa bébas saka hukuman, sengsara, dosa, kewajiban, lan supaya ora ditawan manèh. Mbayaré ora kudu nganggo dhuwit. (Yé 43:3) Tebusan dibutuhké ing kahanan sing béda-béda. Contoné, kabèh anak lanang mbarep utawa kéwan lanang mbarep ing Israèl kuwi duwèké Yéhuwah, mula kudu ditebus supaya isa bébas lan ora dikususké manèh kanggo ibadah marang Yéhuwah. (Wi 3:45, 46; 18:15, 16) Nèk ana sapi lanang sing mbebayani lan ora dikurung banjur matèni wong, sing nduwé sapi kuwi kudu mbayar tebusan supaya dhèwèké bébas saka hukuman mati. (Pa 21:29, 30) Nanging, nèk ana sing sengaja matèni wong liya, ora ana tebusan kanggo dhèwèké. (Wi 35:31) Tebusan sing paling penting ing Alkitab yaiku tebusan sing dibayar Kristus nganggo cara ngurbanké uripé, kanggo mbébaské manungsa sing manut saka dosa lan pati.—Ms 49:8, 9; Mat 20:28; Éf 1:7.
Trompèt.
Alat musik sing disebul, digawé saka logam, lan digunakké kanggo mènèhi tandha utawa kanggo main musik. Swarané trompèt kaya-kaya ngiringi pangandikané Yéhuwah kanggo ngadili utawa kedadéan penting liyané sing asalé saka Gusti Allah.—1Kor 15:52; Why 8:7–11:15.
Tugas suci.
Tukang grabah.
Tukang ramal.
Tumindak kurang ajar.
Saka tembung Yunani aselgeia, istilah iki klebu pelanggaran sing serius marang hukum-hukumé Gusti Allah, sing nduduhké tumindak ora nduwé isin, kurang ajar, lan wani ngrèmèhké wewenang, hukum, lan pathokan-pathokan. Istilah iki dudu kanggo nduduhké tumindak salah sing ora serius.—Gal 5:19; 2Ptr 2:7.
Tutup pethi.
Tutupé pethi perjanjian. Ing ngarepé tutup pethi kuwi, imam agung nyipratké getih persembahan dosa ing Dina Pangapurané Dosa. Tembung Ibraniné asalé saka kata kerja sing tegesé ”nutup (dosa)” utawa mungkin ”mbusak (dosa)”. Tutup kuwi digawé saka emas, lan ana kerub loro ing rong pojokané tutup kuwi.—Pa 25:17-22; 1Bb 28:11; Ibr 9:5.
U
Undhi.
Watu-watu krikil utawa cuwilan-cuwilan kayu sing digunakké kanggo nggawé keputusan. Kabèh didèlèhké ing tekukané klambi utawa ing wadhah, banjur dikocok. Undhi sing metu utawa sing dijupuk kuwi sing kepilih. Biasané, wong nguncalké undhi karo ndonga.—Mat 27:35; Kis 1:26.
Upeti.
Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, iki maksudé pajegé wong siji.—Rm 13:7.
W
Wabah penyakit.
Penyakit apa waé sing cepet banget nular, sing isa dadi épidemi lan isa nyebabké pati.—Luk 21:11.
Wadhah anggur.
Kanthong sing digawé saka kulit kéwan, contoné wedhus utawa wedhus gèmbèl, lan digunakké kanggo wadhah anggur. Anggur disimpen ing wadhah anggur sing anyar merga wektu anggur kuwi ngalami prosès fermentasi, anggur kuwi bakal ngasilké gas karbon dioksida sing nggawé tekanan ing njero wadhah anggur saya gedhé. Kulit sing anyar bakal ngembang, nanging kulit sing lawas lan atos bakal pecah.—Ys 9:4; Mat 9:17.
Wadhah dupa.
Alat sing digawé saka emas, pérak, lan tembaga sing digunakké ing tabernakel lan bait kanggo ngobong dupa, kanggo njupuk areng saka mésbah kurban, lan kanggo njupuk sumbu sing wis kobong saka wadhah lampu emas. Alat iki uga disebut wadhah mawa.—Pa 37:23; 2Bb 26:19; Ibr 9:4.
Wakil Utama.
Walang.
Serangga sing pindhah bebarengan ing kelompok sing gedhé menyang panggonan liyané. Miturut Hukum Musa, walang kuwi kéwan sing halal kanggo dipangan. Kelompok walang sing cacahé akèh banget isa mangan apa waé sing ana ing dalan sing diliwati, isa nyebabké karusakan sing parah, lan dianggep dadi bencana.—Pa 10:14; Mat 3:4.
Watu gilingan.
Watu bunder sing ditumpuk ing ndhuwuré watu liya sing mirip karo kuwi, lan digunakké kanggo nggiling wiji apa waé bèn dadi glepung. Ing bagéan tengah saka watu sing ngisor, ana pathok sing dipasang kanggo dadi porosé watu gilingan sing ndhuwur. Ing jaman Alkitab, wong-wong wadon biasané nggunakké gilingan tangan ing omah. Watu kuwi penting banget kanggo nggawé roti sing dadi kebutuhan keluarga saben dina, mula Hukum Musa nglarang wong njupuk gilingan utawa watu gilingan sing ndhuwur kanggo dadi jaminan. Watu gilingan sing luwih gedhé sing mirip karo kuwi biasané diputer nggunakké kéwan.—PT 24:6; Mrk 9:42.
Watu utama.
Watu sing didèlèhké ing pojokané bangunan, yaiku ing pojokané témbok sing tempuk. Watu kuwi penting banget kanggo nyambungké utawa nggabungké témbok. Watu utama sing paling penting yaiku watu pondhasi sing utama. Biasané watu sing dipilih kanggo mbangun bangunan umum lan témbok kutha kuwi watu sing kuwat banget. Tembung iki uga digunakké kanggo dadi lambang, contoné kanggo nyiptakké bumi, kaya-kaya ana watu utama sing digunakké. Yésus disebut ”watu pondhasi sing utama” kanggo jemaat Kristen, sing diumpamakké kaya omah rohani.—Éf 2:20; Ay 38:6.
Welas asih sing nggumunké.
Arti sing utama saka tembung Yunaniné yaiku sawijiné perkara sing nyenengké utawa nggumunké. Tembung kuwi kerep-kerepé maksudé hadiah sing diwènèhké merga sipat apik ati. Nèk sing dirembug kuwi welas asihé Gusti Allah sing nggumunké, tembung kuwi tegesé anugrah sing diparingké Gusti Allah kanthi loma lan gratis, uga tanpa ngarep-arep balesan. Mula, istilah kuwi nduduhké peparingé Gusti Allah sing lubèr, uga nduduhké katresnan lan sipat apik atiné Gusti Allah marang manungsa. Tembung Yunaniné uga diterjemahké dadi ”sumbangan sing diwènèhké kanthi lila”, sing nduduhké nèk hadiah utawa sumbangan kuwi diwènèhké dudu merga sing nampa pancèn pantes nampa kuwi, nanging merga sing mènèhi kuwi loma.—2Kor 6:1; Éf 1:7.
Wit kauripan.
Wit ing Taman Èden. Alkitab ora nduduhké nèk woh saka wit kuwi isa mènèhi urip. Nanging, wit kuwi dadi lambang kanggo jaminan nèk Gusti Allah bakal maringi urip langgeng marang wong sing diijinké mangan woh saka wit kuwi. Ing buku Wahyu, kuwi nglambangké kabèh sing disedhiakké Gusti Allah supaya kita isa urip.—Pd 2:9; 3:22; Why 2:7; 22:19.
Woh sing wiwitan.
Woh-woh kapisan ing musim panen, utawa hasil kapisan saka apa waé. Yéhuwah ndhawuhi wong Israél supaya mènèhké woh sing wiwitan marang Yéhuwah. Sing diwènèhké kuwi isa manungsa, kéwan, utawa woh-wohan. Bangsa Israèl mènèhké woh sing wiwitan marang Gusti Allah wektu Riyaya Roti Tanpa Ragi lan wektu Péntakosta. Istilah ”woh sing wiwitan” uga digunakké kanggo nglambangké Kristus lan pengikuté sing dilantik roh suci.—1Kor 15:23, cathetan ngisor; Wi 15:21; WB 3:9; Why 14:4.
Wong Étiopia.
Wong saka bangsa Étiopia, yaiku bangsa kuna sing ana ing kidulé Mesir. Wilayahé klebu bagéan paling kidul saka Mesir jaman saiki lan separo saka bagéan lor Sudan jaman saiki.—Kis 8:27.
Wong Khaldéa.
Wong-wong sing manggon ing dhaérah Kali Tigris lan Kali Éfrat. Ing jaman dhisik, kutha sing paling penting kanggo wong Khaldéa yaiku Ur, kutha asalé Abraham.—Kis 7:4.
Wong mati diuripké manèh.
Arti saktenané saka tembung Yunani anastasis yaiku ”tangi; ngadeg”. Ing Alkitab, ana sangang conto bab wong-wong sing diuripké manèh, klebu wektu Yésus diuripké manèh karo Yéhuwah. Senajan Élia, Élisa, Yésus, Pétrus, lan Paulus nguripké manèh wong-wong mati, nanging mukjijat-mukjijat iki jelas-jelas kelakon merga kuwasané Yéhuwah. ”Wong-wong sing bener lan sing ora bener” perlu diuripké manèh ing bumi supaya kersané Gusti Allah kelakon. (Kis 24:15) Alkitab uga nyebutké bab wong-wong sing diuripké manèh menyang swarga. Kuwi disebut ”diuripké luwih dhisik” utawa ”sing sepisanan diuripké manèh”, lan iki dialami karo murid-muridé Yésus sing dilantik roh suci.—Flp 3:11; Why 20:5, 6; Yoh 5:28, 29; 11:25.
Wong Média.
Wong Média kuwi keturunané Madai anaké Yafèt. Wong-wong kuwi manggon ing dataran tinggi pegunungan Iran, sing akiré dadi negara Média. Wong-wong Média teka ing Yérusalèm wektu Péntakosta taun 33 M.—Kis 2:9.
Wong merdéka.
Saksuwéné pamréntahan Romawi, ”wong merdéka” kuwi wong sing lair merdéka, yaiku nduwé kabèh hak dadi warga negara. Sewaliké, wong sing dibébaské kuwi maksudé dibébaské saka perbudhakan. Wong-wong sing dibébaské nganggo cara resmi bakal dadi warga negara Romawi, nanging ora éntuk dadi pejabat pamréntahan. Wong sing dibébaské nganggo cara ora resmi bakal bébas saka perbudhakan, nanging haké dadi warga negara dibatesi.—1Kor 7:22.
Wong Nazarèt.
Wong Samaria.
Wiwitané, istilah iki maksudé wong-wong Israèl saka kerajaan sepuluh suku ing sisih lor. Nanging sakwisé Samaria dikalahké Asiria ing taun 740 SM, wong-wong Samaria iki klebu wong asing sing digawa mlebu karo wong-wong Asiria. Ing jamané Yésus, istilah kuwi maksudé ora mung wong sing asalé saka golongan utawa wilayah Samaria, nanging kuwi maksudé uga wong-wong saka sèkte agama sing ana ing wilayah Syikhèm lan Samaria kuna. Wong-wong sing mèlu sèkte agama iki nduwé kapercayan sing béda banget karo kapercayané wong-wong sing mèlu agama Yahudi (Yudaisme).—Yoh 8:48.
Wong Yahudi.
Istilah sing digunakké kanggo nyebut wong saka suku Yéhuda sakwisé kerajaan Israèl sepuluh suku diremuk. (2Ra 16:6) Sakwisé ditawan ing Babilon, istilah kuwi digunakké kanggo nyebut wong-wong Israèl saka suku apa waé sing bali menyang Israèl. (Éz 4:12) Banjur, istilah iki digunakké sak donya kanggo mbédakké wong-wong Israèl saka wong-wong sing dudu Yahudi. (Èst 3:6) Istilah iki uga digunakké Rasul Paulus dadi kiasan wektu dhèwèké kandha nèk ing jemaat Kristen ora dibédakké antarané wong Yahudi lan wong dudu Yahudi.—Rm 2:28, 29; Gal 3:28.
Wong Yunani.
Y
Yakub.
Anak lanangé Ishak lan Ribka. Gusti Allah njenengi dhèwèké Israèl, lan dhèwèké dadi leluhuré bangsa Israèl (uga disebut wong-wong Israèl, banjur disebut wong-wong Yahudi). Dhèwèké nduwé anak lanang 12. Anak-anaké kuwi lan keturunané mbentuk 12 suku bangsa Israèl. Jeneng Yakub uga terus digunakké kanggo nyebut bangsa utawa wong-wong Israèl.—Pd 32:28; Mat 22:32.
Yéhuda.
Anak lanangé Yakub sing nomer papat. Ibuné jenengé Léa. Sakdurungé mati, Yakub ngramalké nèk salah siji keturunané Yéhuda bakal dadi panguwasa sing agung lan bakal mréntah saklawasé. Wektu dadi manungsa, Yésus kuwi keturunané Yéhuda. Jeneng iki maksudé uga suku Yéhuda, banjur jeneng iki uga digunakké kanggo nyebut kerajaan Yéhuda.—Pd 29:35; 49:10; Ibr 7:14.
Yéhuwah.
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar nggunakké jeneng ”Yéhuwah” nganti ping 237 ing Kitab-Kitab Yunani Kristen. Keputusan kanggo nglebokké asmané Gusti Allah kuwi dhasaré saka bukti-bukti iki:
1. Ing salinan saka Kitab-Kitab Ibrani sing digunakké ing jamané Yésus lan para rasulé, ana Tetragramaton (yaiku asmané Gusti Allah sing ditulis nganggo patang huruf mati Ibrani יהוה) ing kabèh bagéan salinan kuwi.
2. Ing jamané Yésus lan para rasulé, Tetragramaton uga ana ing Kitab-Kitab Ibrani sing diterjemahké ing basa Yunani.
3. Kitab-Kitab Yunani Kristen nyebutké nèk Yésus kerep nggunakké asmané Gusti Allah lan ngumumké asma kuwi marang wong liya.—Yohanes 17:6, 11, 12, 26.
4. Kaya Kitab-Kitab Ibrani, Kitab-Kitab Yunani asalé uga saka Gusti Allah lan bagéan saka Pangandikané Gusti Allah. Mula, nèk ujug-ujug asmané Yéhuwah ilang saka tèks-tèks mau, kuwi ora masuk akal.
5. Ana singkatan saka asmané Gusti Allah ing Kitab-Kitab Yunani Kristen.—Wahyu 19:1, 3, 4, 6.
6. Tulisan-tulisanè wong Yahudi jaman mbiyèn nduduhké nèk wong-wong Kristen Yahudi nggunakké asmané Gusti Allah ing tulisané.
7. Ana ahli-ahli Alkitab sing ngakoni nèk asmané Gusti Allah mungkin ana ing ayat-ayat ing Kitab-Kitab Yunani Kristen sing nyuplik Kitab-Kitab Ibrani.
8. Akèh terjemahan Alkitab ing luwih saka satus basa nulis asmané Gusti Allah ing Kitab-Kitab Yunani Kristen.
Ana alesan sing ampuh kanggo nggunakké manèh asmané Gusti Allah, yaiku Yéhuwah, ing Kitab-Kitab Yunani Kristen. Kuwi sing ditindakké para penerjemah Alkitab Terjemahan Donya Anyar. Wong-wong kuwi bener-bener ngajèni asmané Gusti Allah lan ora gelem ngilangi apa waé sing ana ing tulisan asliné.—Wahyu 22:18, 19.
Z
Zéus.
Déwa sing paling unggul saka antarané akèh déwa sing disembah wong Yunani. Wong-wong ing Listra ngira nèk Barnabas kuwi Zéus. Ana tulisan-tulisan kuna sing ditemokké ing cedhak Listra nyebutké bab ”imam-imam Zéus” lan ”Zéus déwa-srengéngé”. Kapal sing ditumpaki Paulus saka Pulau Malta ana lambangé ”Putra-Putra Zéus” sing kembar yaiku Kastor lan Poluks.—Kis 14:12; 28:11.
Zion; Gunung Zion.
eneng saka kuthané wong-wong Yébus sing ana bèntèngé. Kutha iki ana ing bukit sisih tenggara Yérusalèm. Sakwisé Daud ngrebut kutha kuwi, dhèwèké mbangun istanané ing kana, lan kutha kuwi disebut ”Kuthané Sang Prabu Dawud”. (2Sa 5:7, 9) Zion dadi gunung sing disucèkké kanggo Yéhuwah wektu Daud mindhahké Pethi Perjanjian ing kana. Banjur, jeneng Zion kuwi klebu dhaérah bait ing Gunung Moria, nanging kadhang kala maksudé uga kabèh kutha Yérusalèm. Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, istilah iki kerep digunakké dadi gambaran.—Ms 2:6; 1Ptr 2:6; Why 14:1.